Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Masjid Agung Jawa Tengah An-Nuur Kabupaten Magelang Nyedyakake Panginepan, Cukup Infak Saiklase

Satmiko Supraptono • Rabu, 26 Maret 2025 | 17:00 WIB
MAGRONG-MAGRONG: Masjid Agung Jawa Tengah An-Nuur Kabupaten Magelang. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
MAGRONG-MAGRONG: Masjid Agung Jawa Tengah An-Nuur Kabupaten Magelang. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

MAGELANG, Jawa Pos Radar Madiun – Masjid Agung Jawa Tengah (MAJT) An Nuur, Kabupaten Magelang terus dibanjiri pangunjung.  

Wiwit digunakake akir Oktober 2024 kepungkur masjid ing Kecamatan Mungkid iki ora nate sepi jemaah lan pangunjung.

Luwih-luwih ing wulan Ramadan iki. Saliyane ngibadah, pangunjung uga bisa nyawang magrong-magronge bangunan kuwi.

Sing ndadekake masjid iki unik, masjid iki nyedyakake panggonan nginep kanthi kapasitas nganti 200 wong.

Kapethik saka laman Radar Jogja, Ketua Badan Pengelola MAJT An-Nuur Magelang Asfuri MS menehi katerangan bab iki.

Sapa wae bisa nginep neng ruang kusus kuwi. Pangelola uga ora mathok tarif. Dadi, pangunjung cukup mbayar infak saiklase.

Saengga kaanane MAJT digadhang-gadhang ora mung kanggo papan ngibadah, semono uga nanging fasiltas liyane bisa digunakake.

Nanging pangunjung uga kudu maklumi, jalaran cacahe kamar mandi isih kurang. ‘’Taun iki bakal ditambah,’’ kandhane wingi (3/1).

Masjid rong tingkat (lantai loro) iki bisa nampung 8.000 jemaah. Wiwit dibukak kanggo umum, ewon pangunjung terus teka-lunga.

Rata-rata 1.000 wong sing nekani ing dina biasa. Yen dina prei bisa nganti 5.000 wong. Apameneh ing Ramadan iki.

Saben dina Jemuwah, bisa nganti 6.000 jemaah. Para pangunjung kuwi ora mung saka tlatah Kabupaten Magelang utawa Kedu Raya.

Nanging uga saka njaba daerah kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Malang, malah ana sing saka njaba Jawa kaya Lampung.

Ora mung ngibadah, para pangunjung, kususe musafir, kadangkala uga ngaso, turu nganti adus neng masjid iki.

Dhuwure antusiasme pangunjung ndadekake lahan parkir mbludak. Saengga  kadhangkala nganti tekan njabane kompleks masjid.

Masjid iki uga duwe menara sing dhuwure 39 meter. Saka pucuke pangunjung bisa nyawang candi Borobudur lan Bukit Menoreh.

Menara iki uga dibukak kanggo umum. Pangunjung bisa munggah nganggo lift kanthi mbayar infak mung Rp 5.000 saben wong.

Pangunjung bakal digawa munggah nganti tingkat 5 lan 7 kanggo nyawang pamandangan sakubenge MAJT An-Nuur. 

Kanggo informasi, bangunan MAJT An-Nuur iki lumayan amba. Total ambane lahan kompleks masjid iki 5 hektar luwih.

Kaanane menara pandang iki digadhang-gadhang bisa dadi salah siji daya tarik destinasi anyar, apameneh uga dibukak 24 jam. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#jawa tengah #ramadan #menara #borobudur #magelang #madiun #majt an nuur #masjid agung