MAGELANG, Jawa Pos Radar Madiun – Puluhan ewu wisatawan diprediksi bakal plesiran neng Candi Borobudur ing Lebaran 2025.
PT Taman Wisata Borobudur (TWB) nargetake 76.000 wisatawan plesiran menyang candhi ing Kabupaten Magelang, Jawa Tengah, iki.
Kanggo nglipur wisatawan, TWB wis nyiyapake maneka atraksi. Kapethik saka laman Radar Jogja, bab iki dikonfirmasi Business Support Grup Head PT TWB Ayunanto.
Miturut dheweke, kunjungan ing Candi Borobudur diprediksi mundhak 32,61 persen tinimbang libur Lebaran 2024 utawa taun wingi.
‘’Kita targetake kira-kira 76.000 wisatawan wiwit tanggal 1-7 April 2025, 10 persene wisatawan mancanegara,’’ kandhane wingi (22/3).
Target iki, sambunge, wis miturut prediksi cacahe pemudik sing mlebu tlatah Jawa Tengah, yakuwi 39 yuta pemudik.
Pihake ngarep-ngarep puluhan yuta pemudik kuwi nekani pirang-pirang destinasi ing Jawa Tengah, klebu Candi Borobudur.
TWB nyiyapake panggung rakyat kanthi nglibatake seniman lokal. Nampilake cokekan, kerajinan janur, kerajinan tangan, keroncong modern, traditional performance, nganti pentas wayang kardus.
Pejabat Pengganti Sementara (Pgs) Corporate Secretary Group Head PT TWC Borobudur, Prambanan, dan Ratu Boko Destantiana Nurina nambahi katerangan.
Miturut dheweke, kanggo wisatawan sing pingin munggah struktur Candi Borobudur isih diwatesi 1.200 wong sedina.
Dhasar aturane Peraturan Menko Marves Nomor 5 Tahun 2024 sing ngatur bab cacahe wisatawan sing entuk munggah candhi.
Sawetara tiket kanggo munggah candhi kuwi mung bisa dientukake kanthi cara online liwat website tiketcandi.borobudurpark.com.
Harga tanda masuk (HTM) tetep Rp 50.000 kanggo wisatawan Nusantara. Wisatawan mancanegara 25 USD.
Wisatawan domestik sing pingin munggah candhi tambah Rp 70.000 saben wong saengga dadi Rp 120.000 saben wong.
Wisatawan bakal entuk sandhal upanat lan pandampingan saka pamandu wisata nalika mungga struktur Candi Borobudur.
Papan parkir Kampung Seni Borobudur bakal dimaksimalake. Yen ora cukup, wis disiyapakake kanthong-kanthong parkir liyane.
Dirut PT TWC Borobudur, Prambanan, dan Ratu Boko Febrina Intan nyebutake yen libur Lebaran dadi momentum sing dienteni.
Kanggo ngudhari kapadhetan lalu lintas, pihake wis kerja bareng karo kepolisian, TNI, lan stakeholder sing ana sesambungane.
‘’Wis ana Kampung Seni Borobudur sing bisa nampung ewon kendaraan wisatawan,’’ Febrina mungkasi katerangane. (*)
Editor : Satmiko Supraptono