Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh, Tradisi lan Budaya ing Sadurunge nganti ing Sajrone Wulan Ramadan

Satmiko Supraptono • Kamis, 27 Maret 2025 | 17:00 WIB

TRADISI:  Kirab budaya malem selikuran Keraton Kasunann Surakarta (DOKUMEN/RADAR SOLO).
TRADISI: Kirab budaya malem selikuran Keraton Kasunann Surakarta (DOKUMEN/RADAR SOLO).

JAWA POS RADAR MADIUN – Wulan Ramadan ing Indonesia, mligine tumrap masyarakat Jawa, nuwuhake maneka tradisi lan budaya.

Malah tradisi lan budaya kuwi wis ana wiwit jaman biyen kairing mlebune Islam ing Tanah Jawa sing disebarake para Wali Sanga.   

Kapethik saka laman Radar Solo, pamigati budaya asal Kota Solo Tundjung W Sutirto nyebutake pirang-pirang contone.

Ruwahan utawa Nyadran

Sadurunge mlebu Ramadan utawa Ruwah ana tradisi kanggo mapag tekane sasi Pasa yakuwi Ruwahan utawa nyadran.

Tradisi iki dianakake ing wulan Syakban (hijriyah) utawa Ruwah (Jawa). Nyadran sarana kirim donga kanggo arwah para leluhur.

‘’Wujude kenduri lan "besik" utawa reresik pasareane kulawarga lan leluhur,’’ kandhane Tundjung.

Miturut dheweke, tradisi nyadran iki wis ana wiwit abad ka-15 minangka wujud akulturasi budaya Jawa lan Islam.

Tradisi nyadran sing nggagas para Wali Sanga supaya Islam bisa katampa kanthi gampang tumrape masyarakat Jawa.

Padusan

Padusan asala saka tembung adus. Tegese nyucekake diri lair lan batin sadurunge mapag tekane wulan suci Ramadan.

Biasane ditindakake sedina sadurunge Ramadan.  Ana sing neng sendhang utawa umbul, kolam renang nganti air terjun.

Tujuane minangka simbol kanggo nyucekake diri supaya nalika nindakake pasa Ramadan kanthi kaanan kang suci lair batin.

Baca Juga: WARTA JAWA | Masjid Darussalam Sukoharjo Seksi Sejarah Perjuangan Pangeran Diponegoro sing Nate Dibom Belanda

Dugderan

Tradisi dugderan iki biasa ditindakake masyarakat ing tlatah Semarang. Wujude kirab budaya campuran tradisi Jawa, Arab lan Tioghoa.

Tradisi iki dianakake ing sasi Ruwah minangka simbol yen masyarakat siyap mapag tekane wulan Ramadan utawa Pasa.

Dandangan

Tradisi dandangan iki biasa ditindakake masyarakat Kudus. Tradisi iki minangka tinggalane Sunan Kudus wiwit abad ka-16.

Wujude nabuh bedhug sing ana ing Masjid Menara Kudus minangka panandha wulan suci Ramadan wis teka.

Megengan

Tradisi megengan wujude sedekah panganan sing diater-aterake marang tangga teparo kanggo nyiyapake ibadah pasa Ramadan.

Megengan saka tembung megeng sing tegese ngempet napas. Tradisi iki dikenal ing meh kabeh tlatah mataraman.     

Apem kayadene suguhan wajib ing tradisi megengan minangka sajen kanggo arwah para leluhur lan kulawarga.

Sedekah ing tradisi megengan uga minangka wujud sukur marang Gusti Kang Maha Agung lan donga supaya kuwat ngibadah pasa.

Tradisi megengan biasane dianakake sedina sadurunge Ramadan kanthi tandha nabuh bedhug ing masjid-masjid utawa langgar.

Long Bumbung

Tradisi long bumbung iki biasa ditindakake masyarakat Karanganyar  kanthi nyumet mercon karbit saka bumbung (pring).

Baratan

Tradisi iki biasa ditindakake masyarakat Jepara. Wujude kirab budaya kanggo mapag tekane wulan suci Ramadan.

Baca Juga: WARTA JAWA | Rekomendasi Masjid kang Duwe Sejarah ing Indonesia lan Patut Dadi Jujugan Wisata Religi Ramadan

Kepungan

Tradisi kepungan biasa ditindakake masyarakat Cilacap. Tradisi iki praktekeke ora beda adoh karo tradisi nyadran.

Maleman

Tradisi iki dianakake ing wulan Ramadan. Yakuwi nalika malem ganjil sepuluh dina pungkasan ing wulan Pasa.

Ing Kota Surakarta sing paling rame kanthi dileksanakake kirab budaya nalika malem selikur (21 Ramadan).

Sawetara tradisi liyane luwih islami, kaya Salat Tarawih, kataman Alquran, Salat Bengi, iktikaf, andum takjil lan ngibadah sunah liyane. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#indonesia #Maleman #ramadan #tradisi #budaya #megengan #madiun #padusan #nyadran #Dugderan