KLATEN, Jawa Pos Radar Madiun – Saliyane Candi Borobudur, Candi Prambanan uga dadi destinasi wisata favorit ing Jawa Tengah.
Klebu ing libur Lebaran 2025. Salah siji candhi ing Kabupaten Klaten iki ditargetake bakal ditekani nganti 100.000 wisatawan.
Apameneh akses tumuju objek wisata iki tansaya gampang kanthi dibukake tol Solo-Jogja segmen Prambanan-Tamanmertani.
Semono uga Exit Tol Prambanan ora adoh saka candhi iki. Saengga digadhang-gadhang bisa ndhongkrak angka kunjungan.
Kapethik saka laman Radar Solo, GM PT Taman Wisata Candi (TWC) Candi Prambanan dan Ratu Boko Ratno Timur wis ngonfirmasi.
Miturut dheweke, kanthi fungsionale tol segmen Prambanan- Tamanmartani bakal ndhukung wisatawan menyang Candi Prambanan.
‘’Apameneh, jarake pancen cedhak karo kompleks wisata,’’ kandhane ing Lapangan Garuda, Kompleks Candi Prambanan, wingi (22/3).
Saka pengalaman libur Lebaran taun wingi (2024), pihake nyathet ana 60.000 wisatawan sing plesiran ing Candi Prambanan.
Mula taun iki pihake nargetake bisa tembus 100.000 wisatawan sasuwene periode libur Lebaran wiwit 31 Maret–6 April 2025.
Tren liburan Isra Mikraj lan Imlek wingi dadi dhasare, wektu kuwi kunjungan Candi Prambanan nate tembus 27.000 ing sedina.
Saengga pihake optimistis ing libur Lebaran 2025 iki uga bakal ana lunjakan wisatawan menyang Candi Prambanan.
Pihake uga nyuguhake akeh pilihan event lan venue sing digadhang-gadhang bisa dadi daya tarik tambahan kanggo pangunjung.
Rata-rata kunjungan ing libur Lebaran 2024 wingi bisa nganti 22.000 sedina. Pihake nargetake minimal 14.000 wisatawan sedina.
Direktur Utama In Journey Destination Management Febriana Intan uga nambahi katerangan bab kasiyapane mapag wisatawan.
Sasuwene libur Lebaran bakal digelar event Pasar Medang sing nyajekake maneka kuliner tradisional kas Nusantara.
Saliyuane kuwi, tokoh film kartun lokal Jumbo uga bakal ditekakake awujud balon udara raksasa kanggo nambah regenge swasana.
Miturut dheweke, puncake kunjungan ing libur Lebaran biasane ing dina kaloro lan katelu Lebaran.
Pihake nargetake 94.000 wisatawan ing Candi Prambanan lan 6.000 ing situs Ratu Boko. Saengga totale 100.000 wisatawan.
Target kunjungan iki diunggahake 30 persen saka taun wingi, nanging manajemen mesthekake harga tiket masuk (HTM) tetep normal.
Wisatawan Nusantara Rp 50.000 saben wong, sawetara wisatawan mancanegara 25 USD utawa kira-kira Rp 400.000.
Kanthi akses sing luwih gampang, lan program wisata kang duwe daya tarik, diarep-arep wisawatan Candi Prambanan tansaya akeh. (*)
Editor : Satmiko Supraptono