Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wisata Asik, Nikmati Swasana Ubud Bali neng Bukit Menoreh, Kulonprogo, Jogjakarta, Diiringi Gamelan Jawa

Satmiko Supraptono • Jumat, 28 Maret 2025 | 21:00 WIB
MEMPER UBUD: Sawah Terasering Kyai Alihan Kulonprogo. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
MEMPER UBUD: Sawah Terasering Kyai Alihan Kulonprogo. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

KULONPROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Daerah Istimewa Jogjakarta (DIJ) pancen nyata-nyata kondhang istimewane.   

Ora mung Kota Jogjakarta, nanging tlatah ing wewengkone provinsi iki uga duwe ewon pesona sing bisa dadi daya tarik wisata.

Wiwit saka sejarah nganti modern ana neng kene. Semono uga destinasi wisata alam wiwit gunung nganti laut uga ana.

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Pingin Nyoba Rasane Daging Kidang? Sategedhe Pasar Minggir Sleman Yogyakarta Panggonane

Salah sijine ing Kabupaten Kulonprogo, ana panggonan kang memper swasana ing Ubud Bali sing uga kerep ditekani akeh wisatawan.

Persise ing perengane Bukit Menoreh ana Ubud van Jogja kang karan Persawahan Terasering Kyai Alihan.

Panggonan iki ambane lima hektar kanthi dhuwur 730 mdpl. Terasering iki nyimpen sagudhang wisata sing patut ditekani.

Destinasi iki ana ing Kalurahan Ngargosari, Kapanewon Samigaluh. Sing  ngelola kelompok masyarakat Desa Wisata Widosari.

Saka punjere Kota Jogjakarta, wektu tempuhe kira-kira 1 jam nganggo kendaraan pribadi. Pamandangan ing perjalanan uga ora malehi.

Jalaran sadawane dalan tumuju menyang destinasi iki, pangunjung bakal disuguhi jentrek-jentrek pagunungan lan sawah kang ombo.

Kapethik saka laman Radar Jogja, Ketua Desa Wisata Widosari Heri Susanto menehi katerangan bab destinasi iki wingi (21/3).

Mituru dheweke, sejatine destinasi iki minangka kawasan wisata pirang-pirang objek wisata sing dikelola bareng-bareng pokdarwis.

Salah sijine nyuguhake pamandangan sawah undhak-undhakan utawa tumpuk-tumpuk alias terasering ing sandhuwure bukit.

Jalaran manggon ana ing loro bukit sing adhep-adhepan saengga yen disawang awujud cekungan kaya kukusan ing ngisore.

Tansaya endah disawang yen mlebu mangsa tengahan tandur, bukit terasering lan tanduran pari ijo royo-royo nyegerake mripat.

‘’Terasering Kyai Alihan minangka warisan saka leluhur kang tansah kita jaga nganti tekan saiki,’’ kandhane Heri Susanto.

Miturut sejarah, saliyane pamandangan endah, sawah iki uga dadi lumbung pangan wiwit jaman kolonial Belanda nganti seprene.

Kyai Alihan dipercaya masyarakat kene minangka tokoh sing nggawe terasering iki uga cikal bakal ngadege desa Ngargosari.

Tumrape pangunjung sing beja bisa nyawang srengenge ndelep wayah sore (sunset) saka kawasan sawah terasering Kyai Alihan iki.

Destinasi iki uga nyuguhake budaya lan kuliner. Pangunjung bakal disuguhi Sega Wiwitan, kuliner kas tlatah kene.

Sega gurih (diolah nganggo santen) kang pulen asile panen saka sawah kene disajekeke karo ingkung, urap, lan jajanan pasar.

Kanggo tamba ngelak, pangunjung bisa nikmati jamu tradisional sing bisa dipesen miturut selera utawa kabutuhan.

Ora mung kuwi, sinambi madhang kanthi segere swasana padesan, uga diiringi gamelan Jawa sing dimainake langsung. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#ubud bali #kulonprogo #wisata #daerah istimewa jogjakarta #dij #Rekomendasi #madiun #terasering