Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wisata Asik, Akeh Rekomendasi Destinasi Favorit, wiwit Religi, Budaya nganti Blanja neng Kota Solo

Satmiko Supraptono • Sabtu, 29 Maret 2025 | 17:00 WIB
SEJARAH-BUDAYA: Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
SEJARAH-BUDAYA: Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun Ana pirang-pirang destinasi wisata ing Kota Solo sing rekomendasi kanggo ngisi libur Lebaran.

Minangka kota budaya, Kota Bengawan nyuguhake campuran kang harmonis antarane warisan tradisional lan gaya modern.

Ora mung wisata budaya lan sejarah, Kota Surakarta uga nyajekake destinasi estetik, cocog kanggo healing lan ngonten ing media sosial.

Kapethik saka laman Radar Solo, iki 8 rekomendasi destinasi wisata ing Kota Solo sing patut ditekani ing libur Lebaran:

  1. Masjid Raya Sheikh Zayed Solo

Masjid magrong-magrong iki minangka replika Sheikh Zayed Grand Mosque ing Abu Dhabi, Uni Emirat Arab (UEA).

Ambane masjid iki 8.000 meter pesagi lan bisa nampung 10.000 jemaah, masjid iki dadi ikon religi anyar ing Kota Solo.

Arsitektur kanthi gaya Arab lan werna sarwaputih ndadekake katon elegan kanggo spot favorit wisata religi lan fotografi.

  1. Masjid Agung Surakarta

Masjid kuna iki duweke Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Saliyane papan ngibadah uga punjere syiar Islam.

Masjid Agung Surakarta iki dibangun ing jaman Sunan Pakubuwono III taun 1763 lan rampung ing taun 1768.

Jalaran duweke keraton, fungsine uga kanggo ndhukung kaperluane kagiatan kaagamaan keraton, kaya grebeg, sekaten, lan Maulid Nabi.

  1. Keraton Kasunanan Surakarta

Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat dibangun ing 1744. Keraton iki minangka istanane Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

Keraton Surakarta minangka pawaris Kerajaan Mataram Islam. Keraton Surakarta dibangun ing jaman Susuhan Pakubuwono II.

Keraton iki dibangun minangka gantine Keraton Kartasura sing ajur jalaran  Geger Pecinan ing 1743.

  1. Kampung Batik Kauman

Ora adoh saka Keraton Kasunanan Surakarta, Kampung Batik Kauman minangka destinasi wisata budaya uga punjere produksi batik tulis.

Wisatawan bisa ndeleng langsung proses mbatik tradisional lan blanja batik sinambi nikmati swasana heritage sing instagramable.

  1. Kampung Batik Laweyan

Kampung Batik Laweyan kacathet minangka sing paling tuwa ing Indonesia, nyuguhake pengalaman wisata sejarah, budaya, lan blanja.

Akeh butik batik neng kene sing nyedyakake batik tulis eksklusif kanthi motif kas Solo. Cocog kanggo pecinta budaya lan fesyen lokal.

  1. Pasar Malem Ngarsopuro

Operasionale mung saben akir pekan ing kawasan Jalan Diponegoro. Ngarsopuro Night Market nyuguhake swasana pasar malem kreatif.

Wiwit kuliner kas, kerajinan tangan, produk UMKM, nganti pertunjukan seni jalanan. Cocog kanggo nongkrong santai karo blanja oleh-oleh.

Baca Juga: WARTA JAWA | Sejarah, Masjid Al Fatih Kepatihan Kota Solo Minangka Mahar Lamaran Calon Garwane Pakubuwono IX

  1. Taman Balekambang

Taman ikonik ing pusat kota iki wis ngalami revitalisasi kanthi fasilitas sing luwih nyaman lan modern.

Pangunjung bisa nikmati tlaga gawean, taman satwa interaktif, wahana dolanan bocah. Saengga cocog kanggo piknik kulawarga. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#Keraton #solo #destinasi #batik #wisata #lebaran #masjid #taman #Rekomendasi #madiun