KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Kabupaten Karanganyar, kondhang minangka salah siji jujugan wisata ing Jawa Tengah.
Kabupaten ing perengane Gunung Lawu sisih kulon iki nyimpen akeh destinasi wisata kang maneka warna jinise.
Malah ana salah siji desa sing duwe akeh objek wisata kanthi konsep kang komplit. Yakuwi Desa Kemuning, Kecamatan Ngargoyoso.
Ora mung kebun teh sing ana wiwit jaman kolonial Belanda, Desa Kemuning wis dadi salah siji desa wisata paling apik ing Indonesia.
Ing 2021, desa iki entuk panghargaan minangka Desa Wisata Terbaik kategori Wisata Digital saka salah siji bank swasta.
Kanthi potensi alam kang luar biasa, Kemuning nyuguhake maneka daya tarik wisata, wiwit alam, gawean nganti budaya.
Kapethik saka lama Radar Solo, desa iki uga nyugugahake sensasi wisata kebak petualangan kan keunikan lokal.
Wisata Alam Populer
- Kebun Teh Kemuning
- Kemuning Jeep Adventure
- Kalimas Kemuning
- Tubing Kali Pucung
- Pasar Mbatok
- Tea Garden
- Taman Bogor
- Lembah Sumilir
- Berkuda ing kawasan wisata
Wisata Gawean Kebak Sensasi
- Smart Village Nusantara
- Jembatan Kaca Kemuning Sky Hill
- Paralayang Kemuning
- Taman Bintang
- Tubing Pring Kuning
- Taman Satwa Kemuning
- Festival Payung
- Wisata Trail Adventure
- Safari Kemuning
- Kereta Wisata Kemuning
Wisata Budaya kang Ngoyot
- Suro Tansah Dumadi
- Tradisi Ruwahan
- Slametan Laras Laris
- Pengibaran Bendera Raksasa
- Karnaval Budaya
- Reog Wahyu Budoyo
- Tarian Bedhayan Pucuk Putri
Ora mung atraksine kang maneka warna, fasilitas pandhukung wisata ing Desa Kemuning uga komplit.
Wiwit area parkir, ATM, balai pertemuan, kafe, jungle tracking, toilet umum, kios suvenir, musala, area selfie, rumah makan, WiFi area, nganti homestay sing nyaman.
Desa iki uga nonjol jalaran kebak dhukungan saka pemerintahan desa, pangelolaan wisata kang profesional, uga peran aktif BUMDes.
Kanthi kabeh daya tarike, Desa Kemuning kasil dadi desa wisata favorit ing Karanganyar nganti tingkat nasional. (*)
Editor : Satmiko Supraptono