BOYOLALI, Jawa Pos Radar Madiun – Ana swarga ndhelik ing antarane Gunung Merbabu lan Gunung Merapi neng Kabupaten Boyolali.
Panggonan kuwi karan Kecamatan Selo. Kondhang kanthi kaendahan alam lan hawane kang seger kas pagunungan.
Saengga ndadekake tlatah iki minangka destinasi wisata kang sampurna kanggo para pacinta traveling lan pamandangan alam.
Wiwit saka jalur pendakian Gunung Merbabu nganti panggonan nongkrong instagramable, Selo nyuguhake akeh pilihan destinasi.
Embung Manajar, New Selo, Bukit Gancik, lan Bukit Sanjaya dadi spot paling apik kanggo nikmati gunung kang ngadeg kukuh.
Sawetara maneka panginepan, wiwit vila nganti homestay, siyap mapag wisatawan sing pingin nikmati pamandang alam wayah bengi.
Ing antarane pesona alam Selo, Merapi Garden dadi salah siji destinasi sing rekomendasi wajib ditekani kanggo ngisi liburan.
Taman bunga ing Desa Samiran iki nyuguhake pamandangan spektakuler kanthi latar mburi Gunung Merapi kang gagah.
Dhuwure 1.600 meter di atas permukaan laut (mdpl), hawa seger langsung mapag saben pangunjung sing teka.
Maneka kembang werna-werni kaya kembang terompet, scarlet witch, nganti hortensia, tansaya nambah asrine saben pojoke taman.
Ora mung gawe padhange netra, Merapi Garden uga nyuguhake maneka wahana kang duwe daya tarik kanggo pangunjung.
Ana gazebo kanggo nyantai, menara kincir angin kang ikonik, sepedha pancal kang unik, lan liya-liyane bisa dinikmati.
Ora mung kuwi, neng kene uga ana restoran lan coffee shop kang nyajekake suguhan nyamleng kanthi panorama kang elok.
Kanggo nikmati kaendahan Merapi Garden, pangunjung mung perlu ngrogoh dompet Rp 5.000 minangka harga tiket masuk (HTM).
Kanthi rega sing klebu murah iki, pangunjung bisa nikmati kaendahan kembang-kembang kang mekrok.
Uga bisa foto ing pirang-pirang spot endah, nganti nyantai sinambi nyruput kopi kanthi latar mburi pagunungan.
Operasionale taman iki bukak saben dina wiwit jam 09.00 nganti 17.00. HTM bisa dituku ing panggonan.
Pangunjung Merapi Garden ora mung saka tlatah Boyolali, nanging uga njaba daerah, wiwit Solo, Yogyakarta, Semarang lan liya-liyane.
Mula yen pingin golek katenangan, mburu spot foto endah utawa mung nikmati hawa seger pagunungan, Merapi Garden rekomendasi banget. (*)
Editor : Satmiko Supraptono