Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Semak Faktane! Halalbihalal Budaya Silaturahmi Muslim Indonesia sing Bisa Nyampurnakake Amaliah Ramadan

Satmiko Supraptono • Senin, 31 Maret 2025 | 17:00 WIB

ILUSTRASI: Halalbihalal ing wulan Syawal utawa ing Idul Fitri. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Halalbihalal ing wulan Syawal utawa ing Idul Fitri. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ora mung Ramadan sing nuwuhake tradisi lan budaya tumrape umat Islam ing Indonesia.

Hari Raya Idul Fitri utawa Lebaran alias Riyaya uga nuwuhake tradisi gedhen sing bisa diarani meh ora ana ing negara Liya.

Yakuwi tradisi halalbihalal sawise nindakake Salat Idul Fitri minangka simbol kamenangan sarampunge sawulan wutuh pasa Ramadan.

Halalbihalal minangka wujud silaturahmi sing ana sesambungane karo budaya. Wujude ana sing sengaja digawe acara kusus.

Nanging uga ana sing cukup namu menyang omah siji lan liyane utawa anjangsana tangga teparo lan sanak kadang.

‘’Ora ana sing kleru saka budaya (halalbihalal) iki, malah bisa nyampurnakake amaliah Ramadan kita,’’ kandhane Imam.

Baca Juga: WARTA JAWA | Anti-Stres! Tol Kartasura-Prambanan Dibukak kanthi Fungsional, bisa Ngendhani Kamacetan Dalan Arteri Solo-Jogja

Sawise pasa Ramadan sawulan wutuh, banjur disampurnakake kanthi ngapura-pangapura marang sapadha-padha ing wulan Sawal.

Saengga wektu iki (Idul Fitri) dadi kalodhangan kang apik lan trep kanggo nglebur dosa lan kaluputan marang sapadha-padha.

Imam nyebutake yen urusan dosa lan kaluputan marang Gusti Allah,  sasuwene ngibadah wulan Ramadan insya Allah wis resik.

Jalaran Gusti Allah wis njanjekake, 10 dina kapisan, kapindho lan katelu, bisa mbusak kabeh dosa lan mbebasaske saka neraka.

Dadi, ing ibadah wulan Ramadan sesambungane hablum minallah utawa sesambungan langsung marang Gusti Allah.

Sawetara hablum minannas utawa sesambungan karo manungsa, yen ana dosa lan kaluputan bisa liwat ngapura-pangapura.

Mula kanthi budaya halalbihalal ndadekake wong sing sadurunge abot njaluk pangapura kanthi langsung bisa luwih entheng.

Anane momentum dina kamenangan lan kabagyan iki, akhire marang sapadha-padha manungsa rida lan menehi pangapura.

Sejatine, silaturahmi bisa ditindakake sawayah-wayah. Bisa ing saliyane utawa ing momentum Ramadan, utamane wulan Syawal.

Mumpung kabeh wong lagi seneng ngrayayake kamenangan, mula diisi kanthi ngapura-pangarupa marang sapadha-padha.

Silaturahmi uga bisa ditegesake minangka sesambungane ati. Mula yen pethuk fisik nanging atine ora nyambung, salamane mung formalitas.

Sing paling utama, yen ana wong diadohi wong liya nanging duwe upaya nyedhaki kanggo sesambungan meneh, iki apik banget.

‘’Iki hakikat silaturahim sing paling utama. Dadi, nyambung meneh marang apa wae sing wong liya pedhot,’’ Imam mungkasi katerangane. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#indonesia #halalbihalal #idul fitri #ramadan #tradisi #lebaran #hablum minallah #budaya #madiun #hablum minannas #islam