Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Lebaran Asik Bareng Starting XI Pemain Muslim Liga-Liga Elit Eropa, Nomer 11 Langganan Top Scorer

Satmiko Supraptono • Senin, 31 Maret 2025 | 21:00 WIB

TAAT NGIBADAH: Mohamed Salah pemain muslim Liverpool paling moncer ing liga-liga top Eropa. (DOKUMEN/JAWA POS)
TAAT NGIBADAH: Mohamed Salah pemain muslim Liverpool paling moncer ing liga-liga top Eropa. (DOKUMEN/JAWA POS)

JAWA POS RADAR MADIUN – Sanajan wulan Ramadan, akeh pemain bal-balan (sepak bola) muslim sing tetep nglakoni pasa.

Ora mung ing Liga 1 (Liga Indonesia) sing mayoritas agama pemaine pancen Islam nanging uga ing liga-liga elit Eropa.

Akeh pemain bal-balan profesional muslim sing sumunar ing liga-liga elit Eropa sanajan tradisi lan budaya Islam kurang ndhukung.

Rata-rata para pemain muslim sing asale dudu asli saka Eropa panggah ngibadah ing wulan Ramadan, uga taat ngibadah liyane.

Padha karo umat Islam sadonya umume, ing Idul Fitri iki para pemain muslim ing Eropa uga ngrayakake dina kamenengan iki.

Yen ditotal saka liga-liga elite Eropa kaya Inggris, Spanyol, Italia, Jerman, Prancis lan liyane,cacahe pemain muslim luwih saka 100.

Kiper asal Turki iki miwiti karir profesional saka negarane yakuwi Ankaragucu sadurunge ngalih ing  Fenerbahce ing 2019.

Ing 2023 Bayindir gabung Manchester United (Inggris) minangka panglapise Andre Onana lan kerep lungguh ing bangku cadangan.

Ing level internasional, Bayindir wis mbela timnas Turki wiwit 2021. Dheweke isih ngupayakake dadi kiper utama.

Bek Tengen: Achraf Hakimi

Pemain asal Maroko iki miwiti karir saka akademi Real Madrid (Spanyol) lan nembus tim utama taun 2017.

Hakimi moncer nalika disilihake Borussia Dortmund (Jerman). Taun 2020 main ing Inter Milan (Italia), lan 2021 dituku PSG (Prancis).

Ing level internasional, Hakimi dadi pilihan utama timnas Maroko. Hakimi duwe kaluwihan playune banter lan nyerang.

Baca Juga: WARTA JAWA | Anti-Stres! Tol Kartasura-Prambanan Dibukak kanthi Fungsional, bisa Ngendhani Kamacetan Dalan Arteri Solo-Jogja

Bek Tengah: Antonio Rudiger

Antonio Rudiger miwiti karir saka Stuttgart (Jerman) banjur ngalih neng AS Roma (Italia) ing 2015 lan terus ngembang.

Taun 2017 dituku Chelsea (Inggris). Sawise limang mangsa, Rudiger gabung Real Madrid kanthi gratis ing 2022.

Ing level internasional, Rudiger dadi saka utamane pertahanan timnas Jerman sing kukuh, cepet, lan agresif duwel siji mungsuh siji.

Bek Tengah: Ibrahima Konate

Ibrahima Konate miwiti karir ing Sochaux (Prancis) banjur ngalih menyang RB Leipzig (Jerman) taun 2017.

Ing taun 2021 direkrut Liverpool. Konate dadi andelan lini mburi tim elit Inggris iki sing dipasangake karo Virgil van Dijk.

Ing level internasional, Konate mbela timnas Prancis wiwit 2022. Kaluwihane, kuwat ing duwel ndhuwur lan playune sing banter.

Baca Juga: WARTA JAWA | Info Penting! Tol Solo-Jogja Segmen Klaten-Prambanan lan Prambanan-Tamanmartani Bisa Diliwati Gratis

Bek Kiwa: Ferland Mendy

Ferland Mendy miwiti karir profesional ing Le Havre (Prancis). Banjur ngalih menyang Lyon (Prancis) ing taun 2017.

Taun 2019 dituku Real Madrid. Mendy dadi bek kiwa utama lan mbyantu klub Spanyol iki ngentukake akeh tropi.

Ing level internasional, Mendy nate mbela timnas Prancis. Nanging jalaran saingane ketat, dheweke arangkadhing diceluk.

Gelandang: Abdoulaye Doucoure

Abdoulaye Doucoure miwiti karir ing Rennes (Prancis). Banjur ngalih neng Watford (Inggris) 2016 sawise disilihake Granada (Spanyol).

Taun 2020 ngalih neng Everton (Inggris). Kaluwihane duwel fisik lan nyerang ndadekake perane penting kanggo tim.

Doucoure milih mbela timnas Mali sanajan nate gabung timnas Prancis U-21. Kaluwihane duwe kakuwatan box-to-box.

Baca Juga: WARTA JAWA | Info Penting! Kota Batu Diprediksi Macet wiwit H+2 nganti H+7 Lebaran, Ati-Ati lan Waspada

Gelandang: Ilkay Gundogan

Ilkay Gundogan miwiti karir ing Nurnberg (Jerman) sadurunge main neng Borussia Dortmund (Jerman) taun 2011.

Manchester City (Inggris) banjur ngrekrut ing 2016. Nate gabung Barcelona ing 2023, sawise setahun bali meneh neng Manchester City.

Ing level internasional, pemain katurunan Turki iki dadi bagean penting timnas Jerman sing dikenal ulet.

Gelandang: Arda Guler

Arda Guler miwiti karir profesional ing Fenerbahce (Turki). Gelandang sing isih nom iki duwe bakat kanthi teknik lan kreativitas dhuwur.

Ing 2023 raksasa Spanyol Real Madrid ngrekrut pemain iki. Sanajan nate cidera nanging panggah dianggep pemain penting.

Ing level internasional, Guler mbela timnas Turki wiwit isih klompok umur lan digadhang-gadhang dadi bintang sepak bola Turki mangarep.

Penyerang: Amad Diallo

Amad Diallo miwiti karir saka Atalanta (Italia) sadurunge direkrut Manchester United (Inggris) ing 2021. Dikenal lincah lan kreatif.

Nate disilihake ing Rangers lan Sunderland (Inggris). Potensine Amad katon moncer nalika main neng Sunderland .

Banjur ditarik meneh lan dadi pemain inti Manchester United. Ing level internasional Amad mbela timnas Pantai Gading.

Penyerang: Omar Marmoush

Omar Marmoush miwiti karir profesional ing Wadi Degla (Mesir) sadurunge main neng Wolfsburg (Jerman) 2017.

Uga nate disilihake St. Pauli lan Stuttgart (Jerman). Taun 2023 direkrut Eintracht Frankfurt (Jerman) kanthi gratis.

Januari 2025 diboyong Manchester City. Ing level internasional, Marmoush dadi andelane timnas Mesir.

Penyerang: Mohamed Salah

Mohamed Salah miwiti karir ing El Mokawloon (Mesir) banjur ngalih ing Basel (Swiss) ing 2012. Taun 2014 direkrut Chelsea (Inggris).

Nate disilihake neng Fiorentina lan Roma (Italia). Wiwit taun 2017 nganti saiki dadi pemain inti Liverpool (Inggris).

Mohamed Salah klebu ing salah siji penyerang paling apik ing donya lan dadi kakuwatan utamane timnas Mesir. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#muslim #liga #starting xi #sepak bola #idul fitri #ramadan #eropa #konate #rudiger #turki #italia #spanyol #jerman #madiun #mohamed salah #Inggris #Gundogan #islam #mesir