Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pesiden Soekarno lan SBY Nate Mrene: Pertapaan Pringgondani Tawangmangu Karanganyar, Apa Istimewane?

Satmiko Supraptono • Jumat, 16 Agustus 2024 | 00:00 WIB
MISTIS: Pertapaan Pringgondani, Desa Blumbang, Kecamatan Tawangmangu, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
MISTIS: Pertapaan Pringgondani, Desa Blumbang, Kecamatan Tawangmangu, Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

KARANGANYAR, Jawa Pos Radar Madiun – Lumrah yen sabagean masyarakat, kususe Jawa, nganggep Gunung Lawu sakral.

Jalaran ing walike kaendahan gunung neng tlatah wewengkon Jawa Tengah lan Jawa Timur iki uga kebak misteri.

Malah uga dipercaya minangka panggonan muksane Raja Majapahit kang pungkasan yakuwi Prabu Brawijaya V. 

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Radar Solo, ngene katerangan lan sejarah cekake.

Pertapaan Pringgodani iki diyakini minangka petilasane Eyang Panembahan Konconegoro sing dianggep kramat.

Papan tapabrata iki uga dipercaya minangka petilasane Prabu Brawijaya V sadurunge muksa ing puncak Hargo Dumilah, Gunung Lawu.

Jeneng Pertapaan Pringgondani iki saka tembung 'pring' (bambu), 'nggon' (panggonan) lan 'dani' sing artine ndandani.

Saengga, Pringgondani artine papringan minangka panggonan kanggo dandani awake dhewe utawa evaluasi lan mawas diri.

Panggonan iki rame ditekani masyarakat kanggo nindakake  ritual ndonga utamane ing malem Selasa Kliwon lan Jemuwah Kliwon.

Neng kene uga ana pirang-pirang blumbang (kolam) kanggo kungkum lan adus sing dipercaya bisa nyehatake lan kanggo tulak balak.

 Ora mung masyarakat biasa sing nekani panggonan iki, para pejabat lokal nganti nasional kabare ana sing nate mrene.

Malah Presiden I RI Soekarno lan Presiden VI RI Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) uga nate menyang kene.

Ing Pertapaan Pringgodani iki ana sanggar sing “dijaga” reca papat, Sendang Gedang, Sendang Temanten lan Sendang Panguripan.

 Pertapaan Pringgodani iki dibukak kanggo umum wiwit jam 08.00-17.00. Saben pengunjung mung kena tiket mlebu Rp 5.000.

Yen pingin mrene, kudu nyiapake fisik prima jalaran manggone ing perengan Gunung Lawu sing dhuwuwre 1.300 mdpl.

Fasilitias ing Pertapaan Pringgondani cukup lengkap. Ana tempat parkir, musala, kamar mandi, nganti warung panganan. (dam)

Editor : Satmiko Supraptono
#pertapaan #karanganyar #pringgondani #majapahit #misteri #jawa #madiun #Brawijaya #gunung lawu #presiden