PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun - Pasar Beling Minggu Wage ing Dusun Nitikan, Desa Sukoharjo, Kecamatan Pacitan, panggah eksis.
Saben dina pasaran Minggu Wage, pasar krempyeng iki dadi ajang nguripake swasana kang kebak karaketan lan nostalgia.
Kayadene lumrahe pasar, aktivitas dol-tinuku lan gandane pasugatan maneka jajanan tardisonal krasa kenthel banget.
Wiwit lopis, jongkong, cenil, jenang, thiwul, jadah bakar, dawet gula jawa, nganti panganan abot kupat tahu lan lonthong pecel, ana.
Miturut Mariyati, salah siji pedagang, dheweke sengaja pingin ngenalake panganan tradisional marang generasi muda.
Ing pasar krempyeng iki, pengunjung ora mung blanja, nanging sesrawungan uga andum crita kang kebak swasana paseduluran.
Pasar krempyeng iki patut dadi destinasi unik sing nyuguhake pengalaman blanja kang nyenengake lan ngedukasi.
Ing kene pengunjung uga disuguhi kaendahan seni tradisional gamelan beling utawa kaca kang ngasilake swara kas lan unik.
Kaanane gamelan beling iki minangka bagean saka upaya nglestarekake budaya tradisional sing nyawiji karo inovasi modern.
Penampilan gamelan beling iki dadi daya tarik kusus, saengga nambah swasana sing beda karo pasar liyane.
Ora mung jajanan tardisional lan seni budaya, produk lokal kaya kerajinan tangan uga bisa dinikmati.
‘’Seni lan perdagangan pethuk ing harmoni kang endah,’’ kandhane Amin Sastrowijoyo, pelestari budaya kene, wingenane (3/11).
Saliyane minangka pusat ekonomi, uga dadi wadhah kanggo nglestarekake lan promosi seni lan budaya lokal keme.
Kanthi rega lumrah lan kuwalitas produk sing kajamin, produk para petani lan produsen lokal bisa langsung didol menyang konsumen.
Miturut Kepala Desa Sukoharjo Solichin, kaanane pasar iki minangka bagean saka identitas budaya sing penting banget.
Dheweke optimistis mangarep potensi pasar krempyeng iki bakal padhang jingglang lan njanjekake.
Apameneh yen kasadaran masyarakat bab pentinge produk lokal lan kuliner tradisional tansaya dhuwur.
Uga minangka simbol ketahanan tradisi sing menehi pangarep-arep yen nilai-nilai lokal bisa eksis ing tengah modernisasi.
‘’Kita pingin mesthekake pasar krempyeng iki panggah eksis lan terus ngembang,’’ Solichin mungkasi katerangane. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono