Gaya Hidup Hiburan Internasional Kab. Madiun Kota Madiun Magetan Nasional Ngawi Olahraga Pacitan Ponorogo

Kautaman 10 Dinten Pungkasan Wulan Ramadhan lan Cara Mapag Lailatul Qadar Miturut Al-Qur’an lan Hadis

AA Arsyadani • Jumat, 13 Maret 2026 | 09:56 WIB

 

Khutbah Jumat basa Jawa: nggayuh berkah 10 dinten pungkasan Ramadhan lan Lailatul Qadar.
Khutbah Jumat basa Jawa: nggayuh berkah 10 dinten pungkasan Ramadhan lan Lailatul Qadar.

Jawa Pos Radar Madiun - Wulan Ramadhan tansah dados wekdal ingkang kebak berkah, langkung-langkung nalika sampun mlebet sepuluh dinten pungkasan ingkang ngandhut wengi agung Lailatul Qadar, wengi ingkang langkung sae tinimbang sewu wulan.

Ing wekdal punika, umat Islam dipun anjuraken kanggé ningkataken ibadah, muhasabah, lan nyedhak dhateng Gusti Allah SWT kanthi langkung temen lan istiqamah, ngetutaken tuladha Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Mula, khutbah basa Jawa kanthi irah-irah “Kautaman 10 Dinten Terakhir Wulan Ramadhan lan Mapag Lailatul Qadar” punika dipun aturaken minangka pepeling saha tuntunan supados jamaah saged ngisi dinten-dinten pungkasan Ramadhan kanthi amal shalih, donga, lan pangarep-arep badhé pinanggih berkah saha pangapunten saking Gusti Allah Ta’ala. 

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا.
اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ:
اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ ۝ وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ ۝ لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah SWT, Dzat ingkang Maha Kuwasa, ingkang sampun nitahaken langit lan bumi saha sak isinipun. Kanthi sedaya nikmatipun, sumangga kita syukuri kanthi migunakaken nikmat punika wonten ing dalan ingkang sae.

Wonten ing pambuka khutbah ingkang mulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling dhateng kita sedaya, sumangga tansah ningkataken takwa dhateng Gusti Allah SWT, kanthi nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun. Mugi kita kalebet golongan ingkang pikantuk ridha saking Gusti Allah Ta’ala.

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ

Artosipun:

“Padha nggawa sangu, lan satemene sangu ingkang paling sae yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha marang Ingsun (Allah), he wong-wong kang padha duwe akal.” (QS Al-Baqarah: 197)

Baca Juga: Kabar Gembira! Kemenhub Buka Kembali Pendaftaran Mudik Gratis 2026, Ada 308 Kuota Tambahan Siang Ini

Jamaah Jumat ingkang minulya,

Alhamdulillah, wonten ing wekdal menika kita taksih pinaringan kenikmatan saking Gusti Allah SWT, saged kepanggih kaliyan wulan Ramadhan. Mugi ing wulan punika kita pinaringan sehat wal afiat, saéngga saged nglampahi sedaya amal ibadah kanthi raos bingah lan istiqamah.

Langkung-langkung menawi sampun mlebet sepuluh dinten pungkasan wulan Ramadhan, sumangga kita tambah semangat anggenipun ngibadah. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun maringi tuladha dhateng kita sedaya. Piyambakipun menawi sampun mlebet sepuluh dinten pungkasan Ramadhan, langkung temen lan sregep anggenipun nyedhak dhateng Gusti Allah SWT.

Kados ing hadits riwayat Sayyidah Aisyah RA:

كَانَ رَسُوْلُ اللّٰهِ يَجْتَهِدُ فِيْ العَشْرِ الأَوَاخِرِ مَا لاَ يَجْتَهِدُ فِيْ غَيْرِهِ

Artosipun:

“Kanjeng Rasulullah SAW langkung temenan ibadah ing sepuluh dinten pungkasan Ramadhan tinimbang ing dinten-dinten sanesipun.” (HR Muslim)

Kajaba punika, ing sepuluh dinten pungkasan Ramadhan ugi wonten wengi ingkang agung, inggih punika Lailatul Qadar. Kanjeng Nabi SAW dhawuh:

تَحَرَّوْا لَيْلَةَ الْقَدْرِ فِى الْوِتْرِ مِنَ الْعَشْرِ الأَوَاخِرِ مِنْ رَمَضَانَ

Artosipun:

“Padha golèkana Lailatul Qadar ing wengi-wengi ganjil saking sepuluh dinten pungkasan Ramadhan.” (HR Bukhari)

Lailatul Qadar punika ugi kasebat wonten ing Al-Qur’an, ing Surat Al-Qadr. Wengi punika langkung mulya tinimbang sewu wulan.

لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ

Tegesipun, amal ing wengi punika langkung sae tinimbang amal ing sewu wulan ing sanesipun. Ing wengi punika para malaikat tumurun kanthi idinipun Gusti Allah, maringi salam dhateng para mukmin dumugi medalipun fajar.

Baca Juga: Daftar Biaya Tol Mudik Lebaran 2026 dari Jakarta ke Semarang, Yogyakarta, hingga Surabaya

Jamaah ingkang rahimakumullah,

Amalan ingkang saged dipun tindakaken kanggé nggayuh kautaman Lailatul Qadar antawisipun:

1. Shalat wengi, kados ta tarawih, tahajud, lan witir

2. Maos Al-Qur’an, langkung-langkung kanthi ndarus bebarengan ing masjid utawi mushala

3. Ngathah-ngathahaken donga, utaminipun donga:

اَللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيمٌ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي

“Ya Allah, Panjenengan punika Maha Pangapura lan remen paring pangapura, mila mugi paringana pangapura dhateng kula.”

4. Tafakur, ngengeti nikmat Gusti Allah, dosa-dosa kita, lan janji-janji Allah

Mugi kita sedaya saged kepanggih lan pikantuk berkah Lailatul Qadar, saha nglampahi ibadah Ramadhan kanthi iman ingkang jejeg, badan ingkang sehat, lan istiqamah.

أقول قولي هذا وأستغفر الله العظيم لي ولكم، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

Khutbah II

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيمِ...

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ...

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

وَالْعَصْرِ ۝ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ ۝ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ...

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ...

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ...

وَاذْكُرُوا اللّٰهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرُ.

Editor : AA Arsyadani
#Khutbah Jumat Bahasa Jawa #lailatul qadar #khutbah jumat #ramadhan #Puasa Ramadhan