KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Ewon warga ngebaki Alun-Alun Reksogati, Kabupaten Madiun, ing Caruban, Selasa (30/7) bengi.
Para warga kuwi nekani acara Kabupaten Madiun Bersalawat bersama Habib Syech bin Abdul Qodir Assegaf.
Kagiatan iki minangka bagean saka Hari Jadi ke-456 Kabupaten Madiun sing tiba 18 Juli 2024 wingi.
Penjabat (Pj.) Bupati Madiun Tontro Pahlawanto duwe pangare-arep gedhe ing peringatan hari jadi iki.
Dheweke ngarep-arep masyarakat sing teka ing kegiatan iki uga melu ndonga supaya Kabupaten Madiun tansah aman, nyaman lan damai.
‘’Saliyane kuwi, kagiatan ing pamarintahan uga bisa mlaku kanthi lancar,’’ kandhae Tontro ing sambutane.
Ora mung salawatan, Bagian Kesra Setdakab Madiun uga nampilake kesenian dongkrek ing acara bengi kuwi.
Kolaborasi apik antarane musik dhongkrek kas Kabupaten Madiun lan sawalatan saya ngregengake acara.
Habib Syech bin Abdul Qodir Assegaf ora mung ndongake Kabupaten Madiun, NKRI nanging uga kanggo warga Palestina.
Habib Syech uga ndongakake kabeh masyarakat diadohake saka tumidak dolim lan ora kena kadoliman.
Acara iki uga ditekani unsur forkompimda, kepala OPD, mantan bupati dan wakil bupati lan perwakilan organisasi keagamaan. (odi/aan/*)
Editor : Satmiko Supraptono