Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Mengeti Hari Wayang Dunia X, ISI Surakarta Coba Nyawijekake Teknologi Digital lan Seni Tradisional

Satmiko Supraptono • Senin, 4 November 2024 | 23:00 WIB
KREATIF-INOVATIF: Penampilan wayang kolaborai ing Hari Wayang Dunia X sing digelar ISI Sukakarta. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
KREATIF-INOVATIF: Penampilan wayang kolaborai ing Hari Wayang Dunia X sing digelar ISI Sukakarta. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta nggelar Hari Wayang Dunia (HWD) X.

Kagiatan sing digelar 1-3 Nopember 2024 iki njupuk tema Wayang Inovasi: Reka Cipta Wayang untuk Kejayaan Negeri.

Gelaran dibukak kanthi nyuguhake wayang inovatif ing Pendapa GPH Djojokusumo, ISI Surakarta, Jemuwah (1/11) bengi.

Wayang inovasi iki entuk apresiasi saka Menteri Kebudayaan RI Fadli Zon sing teka ing kagiatan iki.

Menurut dheweke, inovasi wayang bisa nambah sugihe budaya uga bisa narik minat para generasi muda.

Apameneh ana unsur teknologi digital lan uga crita-crita sing ana kreasine nanging isih ngugemi pakem.

‘’Inovasi iki penting banget supaya  bisa ditampa masyarakat sing luwih akeh,’’ kandhane Fadli Zon.

Fadli nambahi, tantangan utama mangarep mesthekake wayang bisa ditampa ing saindenge Nuswantara

Uga manpaatake wayang minangka media kanggo crita rakyat lan kaarifan lokal ing era digital iki.

Baca Juga: WARTA JAWA | Trem Baterai Produk Inka Madiun sing Bakal Dioperasekake ing Kota Solo Dirancang wiwit 2018

HWD X ISI Surakarta dibukak Pengageng Pura Mangkunegaran KGPAA Mangkunegara X (Gusti Bhre).

Gusti Bhre ngarep-arep kanthi kolaborasi teknologi lan cara pandang kontekstual, wayang luwih relevan lan bisa dinikmati kabeh generasi.

Rektor ISI Surakarta I Nyoman Sukerna uga nambahi yen tema wayang inovasi iki relevan karo tantangan jaman.

Ajang iki bisa nemokake ide lan pengalaman antarane seniman lan akademisi kanggo jaga seni wayang lan tansaya ngembang.

Miturut dheweke dhukungan masyarakat bisa ndadekake ISI Surakarta ngembangake lan nglestarekake seni budaya.

Sawetara Ketua Panitia HWD X Sunardi nyebutake yen inovasi wayang tujuane kanggo ningkatake apresiasi generasi muda.

Uga nuduhake menawa kemajuan teknologi bisa nyawiji karo seni tradisional tanpa ngorbanakake nilai luhur wayang.

Baca Juga: WARTA JAWA | Haul Habib Ali Nggawa Berkah Ekonomi Tumrap Warga Sakubenge Masjid Ar Riyadh Kota Solo

Maneka kegiatan ngregengake HWD X ing Pendapa Ageng, Teater Besar lan Teater Kecil ISI Surakarta.

Nampilake 28 pertunjukan wayang, wiwit wayang kulit gaya Surakarta, Yogyakarta, Banyumasan, Jawa Timuran, nganti wayang kolaborasi lan wayang komik tari.

Para dalang sing teka ora mung profesional nanging uga saka maneka umur, wiwit bocah, remaja, nganti warga negara manca. (zia/nik)

Editor : Satmiko Supraptono
#ISI #solo #Menteri Kebudayaan #tradisi #Hari Wayang Dunia #Teknologi #mangkunegaran #gusti bhre #madiun #wayang #rektor #surakarta