Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi kanggo sing Seneng Jajanan Ekstrem, Panganan Gunungkidul Iki Wajib Dicoba

Satmiko Supraptono • Jumat, 7 Februari 2025 | 19:00 WIB
KOLASE: Maneka kuliner ekstrem kas Kabupaten Gunungkidul, Jogjakarta. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
KOLASE: Maneka kuliner ekstrem kas Kabupaten Gunungkidul, Jogjakarta. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

GUNUNGKIDUL, Jawa Pos Radar Madiun – Gunungkidul minangka salah siji kabupaten sing ana ing Daerah Istimewa Jogjakarta (DIJ).

Tlatah kabupaten iki ora mung kondhang duwe akeh objek pantai kang endah nanging uga duwe kuliner ekstrem sing patut dicoba.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Radar Jogja, iki telu jinis kuliner ekstrem ing Kabupaten Gunungkidul.

  1. Walang Goreng

Salah siji kuliner ekstrem sing wis kondhang lan dadi jajanan kas Gunungkidul yakuwi walang goreng.

Kuliner sing bahan utamane jinis serangga iki pancen akeh ditemokake ing tlatah Kabupaten Gunungkidul.

Ngolahe ora pati ribet, yakuwi walang cukup digoreng nganggo bumbu bawang putih lan uyah.

Sawise kuwi banjur digodhog nganggo bumbu baceman lan digoreng meneh. Dadi nggorenge kaping pindho.

Rasa gurih lan legi saka bumbu bacem ndadekake menu kuliner ekstrem iki nyata-nyata nggugah selera.

Saliyane kuwi, walang uga dipercaya bisa mbyantu nambani tatu utawa borok lan migunani kanggo netralake racun.

  1. Uler Jati Gunungkidul

Gunungkidul uga kondhang duwe menu kuliner ekstrem liyane. Yakuwi uler jati sing akeh ditemokake ing mangsa rendheng (penghujan).

Ing tlatah Kabupaten Gunungkidul pancen akeh wit jati. Saengga ing mangsa rendheng uler jati padha mangan godhong jati.

Proses ngolahe uler jati iki padha karo walang goreng. Uler jati biasane disajekake karo jangan lan sambel.

Ngonsumsi uler jati migunani kanggo kasehatan awak, utamane ningkatake energi lan njaga kasehatan sistem pencernaan.

  1. Undur-Undur (Kutu) Laut

Ora mung menu kuliner darat. Kabupaten Gunungkidul uga duwe panganan laut ekstrem sing patut dicoba.

Jalaran tlatah Gunungkidul ana ing pesisir Laut Kidul, saengga duwe asil laut kang mblunthah. Salah sijine undur-undur laut.

Kuliner undur-undur (kutu) laut iki salah siji panganan kang unik sing bisa ditemokake ing pantai-pantai ing  Gunung Kidul.

Undur-undur laut duwe cita rasa kang nggugah selera. Teksture kang renyah menehi sensasi unik nalika digeget.

Ora mung kuwi, balado kutu laut uga dadi pilihan sing populer kanggo sing seneng kuliner pedhes.

Minangka informasi, telu kuliner ekstrem iki uga ngandhut protein sing dhuwur. Kanggo sing alergi luwih becik ngendhani. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#jogjakrta #laut #gunungkidul #Ekstrem #Rekomendasi #kuliner #madiun #walang goreng