Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Sendang Ontrowulan ing Gunung Kemukus Sragen, Banyune Bisa Ndadekake Awet Enom? Semak Faktane!

Satmiko Supraptono • Kamis, 20 Februari 2025 | 22:00 WIB
RITUAL: Salah siji pajiarah raup ing Sendang Ontrowulan, Gunung Kemukus, Sragen. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
RITUAL: Salah siji pajiarah raup ing Sendang Ontrowulan, Gunung Kemukus, Sragen. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SRAGEN, Jawa Pos Radar Madiun – Arane Gunung Kemukus, nanging sejatine mung bukit sing ora pati dhuwur.

Gunung Kemukus sing ana ing Kecamatan Sumberlawang, Kabupaten Sragen, iki kebak misteri sing isih dipercaya nganti saiki.   

Salah sijine, kaanane Sendang Ontrowulan ing gunung iki sing dianggep sabagean masyarakat duwe kakuatan mistis.

Maneka mitos muncul, wiwit banyu sendhang sing ora nate garing nganti dianggep duwe kasiat kanggo awet enom.

Sejatine, Ontrowulan jenenge ibune Pangeran Samudra, sing sareane kerep dijiarahi ing kompleks Gunung Kemukus.

Konon jarene, sendhang iki minangka panggonan reresik (nyucekake awak) Ontrowulan sadurunge njiarahi sareane putrane.

Saengga, nganti saiki para pangunjung sing arep jiarah ing sareane Pangaeran Samudra “wajib” reresik ing Sendang Ontrowulan..

Sabagean masyarakat uga ngandel utawa percaya yen banyu sendhang iki duwe kasiat lan nggawa berkah.

Ana sing percaya minangka tulak balak. Saengga akeh pajiarah sing raup banyu sendhang nganti digawa mulih.

Pangelola utawa juru kunci Gunung Kemukus Marcellus Suparno, menehi katerangan lan konfirmasi bab iki.

Miturut dheweke, umume para pangunjung reresik (adus kramas) ing Sendang Ontrowulan sadurunge jiarah ing sareane Pangeran Samudra.

Uga ana pangunjung sing njupuk banyu Sendang Ontrowulan nganggo botol lan didongani sadurunge digawa mulih.

Bab banyu Sendang Ontrowulan sing bisa nggawe awet enom, Suparno nyebutake yen uga akeh pangunjung sing wis tuwa.

Nanging kabeh kuwi pancen kagawa sugesti kanggo supaya terus duwe jiwa lan semangat enom utawa muda.

Sawetara pajiarah sing njupuk banyu lan digawa mulih tujuane beda-beda. Uga saka maneka kalangan.

In antarane petani sing duwe karep banyu sing digawa mulih lan didongani nggawa dampak positif ing asil panene.

Biasane yen wis digawa bali, banyu sendhang kuwi banjur disiramake ing sawahe nalika mangsa tandur.

‘’Yen pancen nggawa berkah lan rejeki, apa wae wujude, kabeh kuwi saka kersane Gusti Kang Maha Kuwasa,’’ welinge Suparno. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#misteri #sumberlawang #Sendang Ontrowulan #gunung kemukus #madiun #sragen