Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Supaya Tetep Eksis Wayang Orang Sriwedari Nyoba Ngadhepi Tantangan Jaman, Ngene Carane

Satmiko Supraptono • Sabtu, 15 Maret 2025 | 16:00 WIB
ILUSTRASI: Pagelaran Wayang Orang Sriwedari Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ILUSTRASI: Pagelaran Wayang Orang Sriwedari Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Jaman tansaya ngembang lan maju. Saengga kaanan kesenian tradisional ngadhepi tantangan luwih abot.

Salah sijine wayang. Kususe klompok Wayang Orang Sriwedari (WOS) Kota Solo, Jawa Tengah, sing kudu bisa adaptasi karo jaman.

Sawetara ing sasisih kudu bisa narik minat masyarakat supaya gelem nonton lan melu nglestarekakae seni tradisi budaya Indonesia iki.

Kanggo ngadhepi maneka tantangan kuwi, para pelaku Wayang Orang Sriwedari ora pasrah utawa kentekan akal supaya panggah eksis.

Salah siji carane kanthi ngadaptasi packaging (kemasan) utawa wungkus tanpa ngowahi adat istiadat sing dadi pakeme.

Kapethik saka laman Radar Solo, Sutradara Wayang Orang Sriwedari Rizal Surya crita babagan upaya para pelaku seni iki.

Dheweke ngeklem yen wis nyuguhake packaging kang apik. Buktine, bisa nuwuhake rasa tresna masyarakat kususe generasi mudha.

Packaging kuwi tujuane supaya masyarakat uga luwih gelem nyinaoni lan nresnani budayane dhewe. Kususes wayang wong.

WOS ing jaman saiki wis diwungkus supaya luwih duwe daya tarik. Wiwit saka basa, pertunjukan, bentuk tari, nganti kostum.

Miturut Rizal, sanajan tansah ngugemi adat istiadat lan tradisi, para seniman uga ngupayakake menehi swasana kang beda.

‘’Saengga bakal luwih dimangerteni lan diminati masyarakat, kususe generasi mudha,’’ kandhane Rizal wingi (9/3).

Rizal nambahi yen pihake pancen nyasar generasi mudha. Supaya luwih dhisik weruh eksistensine Wayang Orang Sriwedari.

Yen wis weruh bakal nresnani. Sawise nresnani bakal tuwuh rasa nduweni kanggo nglestarekake seni budaya iki.

Saliyane kuwi WOS uga nyoba maksimalake media sosial (medsos). Saka maneka platform WOS tansaya dikenal masyarakat.

Malah liwat medsos bisa entuk kauntungan saka masyarakat. Ora mung Kota Solo, nanging uga provinsi liya, nasional nganti internasional.

Para pelaku utawa seniman Wayang Orang Sriwedari uga kenceng anggone promosi liwat medsose dhewe-dhewe.

Akeh seniman sing duwe akun medsos kang kuwat kanggo nekakake para wisatawan lokal nganti negara manca.

Saengga para wisatawan pingin teka lan nonton langsung. Rizal uga ngarep-ngarep masyarakat bisa tansaya ngenal WOS.

Dheweke uga pingin kaanane Wayang Orang Sriwedari tansaya maju lan bisa go international(*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #wayang orang sriwedari #tradisi #media sosial #budaya #madiun #kesenian #wayang #tradisional