Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Cidra Janji Ngrabi Pacare, Nom-noman neng Magetan Dicidhuk Pulisi lan Dijebloske Neng Krangkeng Wesi

Aprilita Sari • Jumat, 9 Februari 2024 | 17:07 WIB
DITANGKEP: DN tersangka kasus persetubuhan karo bocah sing durung cukup umur dipriksa penyidik Unit IV Satreskrim Polres Magetan dhekwingi (7/2). (AJI PUTRA/RADAR MAGETAN)
DITANGKEP: DN tersangka kasus persetubuhan karo bocah sing durung cukup umur dipriksa penyidik Unit IV Satreskrim Polres Magetan dhekwingi (7/2). (AJI PUTRA/RADAR MAGETAN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – DN, warga Desa Setren, Kecamatan Bendo, Kabupaten Magetan, dicidhuk pulisi gara-gara ora gelem ngrabi AS. Kamangka bocah wadon sing durung cukup umur iki wis nate dikumpuli.

Krangkeng wesi dadi pungkasane crita tresna antarane DN lan AS. Gegarane, DN cidra janji ngrabi AS sing wis dipacari wiwit setahun kepungkur.

Malah, sasuwene pacaran, pasangan sing durung sah iki wis nate kumpul luwih kaping lima. AS gelem dikumpuli DN, bujangan umur 27 taun iki, amerga dijanjeni bakal dirabi.

Baca Juga: Wong Wadon Pacitan Nekat Ngracun Murid MTs Tanggane Dhewe, Iki sing Dadi Alesane

‘’Nalika disetubuhi , AS isih durung cukup umur,’’ kandhane Kanit IV Satreskrim Polres Magetan Aiptu Totok Sudiartanto dhekwingi (7/2).

Ngakune DN,  tumindak sing mung patut dilakoni suami-istri sah kuwi dilakoni neng omahe AS, Kecamatan Maospati, Kabupaten Magetan.

Kasus iki dilapurake kulawargane AS Oktober taun wingi. Uga wis ditengahi Dinas Pengendalian Penduduk, Keluarga Berencana dan Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak Kabupaten Magetan.

Malah wis dijalukake ijin dispensasi nikah neng Pengadilan Agama (PA) Kabupaten Magetan uga. Nanging, DN ora gelem ngakoni tumindake marang AS. Saengga, PA Kabupaten Magetan ora ngabulake dispensasi nikah.

Amerga tumindake, DN dijiret pasal 81 UU 35/2014 Perlindungan Anak. ‘’Korban gelem dikumpuli amerga dijanjeni arep dirabi,’’ beber Totok. (ril/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#magetan #perlindungan anak #dispensasi nikah #pengadilan agama (PA) #maospati #Janji