PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Omahe salah siji warga Dusun Krajan, Desa Dadapan, Kecamatan Balong, Kabupaten Ponorogo, ambyar. Gegarane tabung gas helium kanggo ngisi balon mbledhos. Piye kadadeane?
Glegeeer...! Swara banter banget kuwi sanalika nangekake warga Dusun Krajan, Desa Dadapan, Kecamatan Balong, Kabupaten Ponorogo. Kira-kira jam 02.10, Senen (12/2) wingi.
Jegegah, para warga sing lagi turu angler padha tangi lan metu saka omah pengin weruh sumber swara kuwi. Jebule, swara kuwi saka omahe Katimun, salah siji warga kono.
Sumber swara kuwi saka tabung gas helium kanggo ngisi plembungan utawa balon sing mbledhos. Nalika kadadean kuwi, Katimun pancen lagi ngisi balon karakter sing arep didol.
Didhuga, ana jaringan pipa gas sing mampet lan nyababake tekanan gas ing tabung ngluwihi kapasitase banjur mbledhos. ‘’Ana swara ngeses, durung kewekton mlayu wis mbledhos dhisik,’’ kandhane Katimun.
Katimun biyasa ngracik gas helium dhewe. Bahane saka bubuk alumunium foil, banyu lan soda api. Penggawean iki wis dilakoni wiwit sepuluh taun kepungkur.
Nanging, lagi iki kadadean tabung gase mbledhos. ‘’Wis oleh selawe balon banjur ana swara ngeses. Biyasane nganti seket balon sedina ora ana masalah,’’ jarene.
Merga kebledhosan kuwi tembok omahe Katimun jebol kira-kira semeter. Lawang omah lan sabagean perabotan ajur. Katimun tatu bagean sikil lan raine.
Petugas Polsek Balong wis mriksa kadadean iki. Esuke, para warga uga gotong royong ndandani omahe Katimun.
‘’Tak jaluk sing ati-ati, apa meneh yen aktivitas ngganggo gas bertekanan tinggi,’’ welinge Kapolsek Balong AKP Agus Wibowo. (gen/sat)
Editor : Satmiko Supraptono