Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Konangan Petugas, Warung Kopi neng Kabupaten Madiun Ngedol Minuman Keras

Satmiko Supraptono • Senin, 25 Maret 2024 | 14:00 WIB
DIAMANAKE: Petugas gabungan Kabupaten Madiun nemokake warung kopi ngedol miras. (R. BAGUS RAHADI/RADAR MADIUN)
DIAMANAKE: Petugas gabungan Kabupaten Madiun nemokake warung kopi ngedol miras. (R. BAGUS RAHADI/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Isih ana wong adol minuman beralkohol (minol) ing wulan Ramadan iki neng Kabupaten Madiun.

Tumindak nekat iki ditemokake petugas  gabungan saka satpol PP, TNI lan Polri sing nrgazia tlatah Kecamatan Wonoasri.

Miturut Kabid Penegakan Produk Hukum Daerah (PPHD) Satpol PP Kabupaten Madiun Danny Yudi Satriawan, razia iki dileksanakake Jemuwah (23/3) bengi.

Barang bukti (BB) asile operasi iki wis diamanake lan digawa menyang mako satpol PP, pelaku usahane uga dijaluki katrangan.

Danny nambahi, sadurunge razia gabungan iki uga nyasar tlatah Kecamatan Mejayan lan Dolopo, nanging asile nihil.

Nalika ngalih menyang Wonoasri, tim nemokake minuman keras (miras) jinis arak jawa oplosan neng salah siji warung kopi. Pirang-pirang botol minol lan miras diamanake.

Neng warung kopi iki ditemokake wolung botol minol jinis anggur merah (amer), patang botol bir lan telung botol arak jawa oplosan.

Saliyane nyasar warung, petugas uga ngrazia tempat hiburan malam (THM) lan kos-kosan sing didhuga kanggo panggonan dhemenan.

Nanging THM lan panggonan biliar padha tutup nalik ana razia. Semono uga ora ditemokake pelanggaran neng kos-kosan.

Sanajan kaya ngono, petugas bakal tetap sregep nganakake patroli sasuwene Ramadan kanggo njaga kondusivitas masyarakat.

‘’Kita bakal terus ngleksananake razia acak sasuwene Ramadan iki,’’ kandhane Yudi wingi (24/3). (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#ramadan #minuman beralkohol #madiun #warung kopi #satpol pp