Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Bulog Ponorogo: Stok Beras Cukup Kanggo Kebutuhan Telung Wulan Mangarep

Satmiko Supraptono • Senin, 25 Maret 2024 | 23:00 WIB
GAMPANG: Bulog Ponorogo mesthekake stok beras cukup kanggo nganti telung wulan mengarep. (SUGENG DWI N./RADAR MADIUN)
GAMPANG: Bulog Ponorogo mesthekake stok beras cukup kanggo nganti telung wulan mengarep. (SUGENG DWI N./RADAR MADIUN)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Mlebu tengah wulan Ramadan iki panjalukan bahan pangan neng Kabupaten Ponorogo saya mundhak dhuwur.

Kahanan iki dikira-kira nganti riyaya (Lebaran) mengko. ‘’Isih bisa ditangani,’’ kandhane Kepala Cabang Bulog Ponorogo Aan Sugiarto wingi (24/3).

Miturut dheweke, stok beras subsidi isih ana kira-kira patang ewu ton neng gudang Bulog.

Cakupan Bulog Ponorogo (Kabupaten Ponorogo, Magetan, lan Pacitan) rata-rata 250 ton sedina.

Mula yen dibandingake kebutuhan sabendinane, dheweke njamin stok pangan cukup nganti telung wulan mangarep.

‘’Penyaluran bantuan pangan wis rampung, stok beras Bulog uga isih cukup,’’ sambunge negesi. 

Aan nambahi, Bulog uga lagi nyerap gabah kering panen (GKP) saka petani sing saiki mangsa panen raya.

Pihake nggandheng pengusaha, saben dina 120 ton GKP mlebu gudang Bulog Ponorogo saka tlatah Magetan, Ngawi nganti Ponorogo.

‘’Iki komersial, dadi tukune miturut rega pasaran saiki kurang luwih Rp 7.000 per kilogram,’’ imbuhe. 

Dheweke ngarep-arep masyarakat melu andil njaga stabilitas pangan. Salah sijine, ora panic buying utawa mborong beras subsidi lan kebutuhan pokok liyane.

‘’Beras SPHP (stabilisasi pasokan dan harga pangan) dipesthekake cukup lan gampang ditemokake neng pasar tradisional utawa minimarket mitra Bulog,’’ Aan Mungkasi kandhane. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#bulog ponorogo #ramadan #lebaran #bahan pangan #stok beras #ponorogo