Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Remaja neng Pulung, Ponorogo, Ngisi Wektu Ngenteni Buka Pasa Sinambi Gladhen Wayangan

Satmiko Supraptono • Rabu, 27 Maret 2024 | 00:00 WIB
NGURI-NGURI: Nom-noman neng Pulung, Ponorogo, ngisi wektu negnteni buka pasa sinambi wayangan. (SUGENG DWI N./RADAR MADIUN)
NGURI-NGURI: Nom-noman neng Pulung, Ponorogo, ngisi wektu negnteni buka pasa sinambi wayangan. (SUGENG DWI N./RADAR MADIUN)

PONOROGO, Jawa Pos Radar Madiun – Welasan remaja ing Desa Wotan, Kecamatan Pulung, Kabupaten Ponorogo, duwe cara sing beda kanggo ngisi wektu ngenteni buka pasa.

Ora mung nongkrong utawa dolanan mercon, nanging milih nguri-nguri budaya Jawa. Yakuwi, gladhen kesenian ndhalang lan karawitan. 

Aktivitas iki dilakoni Muhammad Irsyad Pandu Putra Susilo lan kanca-kancane sabarakan saben sore.

Wiwit jam 14.00, para nom-noman kuwi wis gupuh nyiapake wayang kulit sing arep dilakonake.

‘’Biasane pancen ndhalang. Merga pasa ora ana job dadi ngejak kanca-kanca gladhen sinambi ngenteni buka,’’ kandhane wingi (25/3).

Miturut remaja 16 taun iki, aktivitas iki dilakoni karo kanca-kancane wiwit kawitan wulan Ramadan kepungkur.

Saban sore kabeh nglumpuk neng omahe  sing uga didadekake sanggar seni kuwi. Wiwit siji-loro, nganti saiki dadi welasan remaja.

‘’Seneng akeh kanca, pasa dadi ora krasa. Weruh-weruh wis wayahe buka,’’ jarene bungah. 

Reza Agil Paradi, salah siji kancane Pandu, ngaku yen lagi pisanan iki gladhen wayangan.

Kawitane pancen ora biasa merga ora weruh crita lakon wayang. Nanging, saya suwe dheweke bisa nikmati wayang.

Ora mung nglakokake wayang, nom-noman iki uga gladhen karawitan kanggo pangiringe wayang kulit.

Baca Juga: WARTA JAWA | Bulog Ponorogo: Stok Beras Cukup Kanggo Kebutuhan Telung Wulan Mangarep

‘’Mbiyen ora pati seneng karo wayang. Nanging merga  dijak lan bisa nglakokake saiki dadi seneng,’’ ngakune. 

Miturut Reza, ora gampang nglakokake wayang. Bahane wayang saka kulit kewan rada abot.

Uga butuh wektu ngapalake lakon crita wayang. ‘’Uga lagi kapisan iki nyekel wayang kulit,’’ kandhane. (gen/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#wayang kulit #karawitan #Nguri-nguri Budaya #ponorogo