Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | ”Macak” Pegawai Bank Jatim, Wong Ngawi Ngapusi Korbane Nganti Atusan Yuta Rupiah

Satmiko Supraptono • Kamis, 4 April 2024 | 16:00 WIB
RILIS KASUS: Polres Ngawi ngrilis kasus kriminal sing ditangani keri-keri iki. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)
RILIS KASUS: Polres Ngawi ngrilis kasus kriminal sing ditangani keri-keri iki. (ASEP SYAEFUL BACHRI/RADAR MADIUN)

NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun - Olla Kurnia Riski diringkus pulisi sawise nem sasi mlebu daftar buron.

Wong lanang 41 taun warga Desa/Kecamatan Ngrambe, Kabupaten  Ngawi, iki nggondhol dhuwit atusan yuta rupiah.

Moduse, ethok-ethok dadi pegawai Bank Jatim Cabang Pembantu Ngrambe, Kabupaten Ngawi.

‘’Tersangka nindakake penipuan lan penggelapan wiwit 2019,’’ kandhane Kapolres Ngawi AKBP Argowiyono wingi (3/4).

Nalika dadi buorn, pelaku kabur menyang pirang-pirang panggonan. Kaya neng Kalimantan wiwit Oktober 2023 nganti Maret 2024.

Neng Pulau Borneo kuwi, pelaku nyambut gawe neng perkebunan klapa sawit. Banjur ngalih menyang Semarang.

Saiki wis ndhekem neng tahanan Mapolres Ngawi. ‘’Pelaku dicekel neng Kota Semarang,’’ jarene Kapolres nalika rilis kasus.

Argo nerangake, nalika nindakake aksine  pelaku  nampa jasa titipan setoran tabungan saka nasabah.

Kanggo nglancarake aksine, pelaku uga menehi iming-iming program hadiah kanggo calon korbane sing cacahe nganti wong 20.

Kabeh kapincut iming-iming program hadiah sing ditawakake karyawan Bank Jatim awu-awu kuwi.

Dhuwit sing nglumpuk Rp 300 yuta saka nasabah ora nate disetorake menyang bank nanging dienggo dhewe.

Ing kasus ini, pelaku uga nekat nggawe buku tabungan palsu kanggo para korbane.  

Buku tabungan sing memper Bank Jatim lan saldone Rp 40 yuta-Rp 47 yuta diatasnamakake para korban.

Buku tabungan palsu kuwi wis diamanake minangka barang bukti (BB) karo pirang-pirang barang liyane.

Kaya, pirang-pirang slip setoran Bank Jatim, hanpdphone merek Samsung,  ATM BCA, dhuwit Rp 834 ewu, lan pitmontor  Vario Techno.

‘’Pelaku dijiret Pasal 378 KUHP sub 372 KUHP (penipuan lan penggelapan),’’ Argo mungkasi katerangane. (sae/den)

Editor : Satmiko Supraptono
#bank jatim #polres ngawi #penipuan #ngawi #penggelapan