Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Pingin Weruh Soto Ayam Pacitan Klangenane Jenate Maestro Campursari Didi Kempot? Iki Jebule

Satmiko Supraptono • Minggu, 14 April 2024 | 17:00 WIB
WAJIB DIICIPI: Warung soto ayam neng Jalan Maghribi, Pacitan, jujugane wong penting-penting. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)
WAJIB DIICIPI: Warung soto ayam neng Jalan Maghribi, Pacitan, jujugane wong penting-penting. (NUR CAHYONO/RADAR MADIUN)

PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Pemudik sing liwat tlatah Kabupaten Pacitan ora mung disuguhi pamandangan alam endah.

Maneka kuliner uga akeh ing kabupaten jejuluk Kota 1.001 Gua iki. Uga ora mung iwak laut sanajan ing tlatah pesisir.  

Apameneh yen ngliwati jalur pantai selatan (pansela) Jawa. Neng Pacitan ana pirang-pirang jinis kuliner sing patut dicoba.

Salah siji sing paling kondhang yakuwi soto Ny Sugiyati. Warung neng Pacitan kutha iki bukak wiwit jam 15.00 nganti jam 23.00.

Sanajan bukak sore nganti bengi, nanging ora nate sepi  wong tuku. Akeh-akeh tekane rombongan.

Plat nomer kendaraane sing akeh uga non-AE. Kuwi tegese kendaraan saka njabane tlatah  Madiun Raya.

Soto racikan Sugiyati pancen khas. Semangkok ora mung isi duduh bening, pitik suwir, godhong sledri, loncang, lan brambang goreng.

Nanging uga ana kacang goreng sing menehi sensasi klethus-klethus nalika dimamah. ‘’Wis dodolan wiwit taun 1983,’’ kandhane Sugiyati.

Duduh (kuwah) lan kecap minangka kunci rasane saka soto iki. Luwih-luwih kecape diproduksi dhewe saengga mesthi anyar saben rong dina.

Sugiyati ngentekake 10 kilo gula Jawa kanggo nggawe kecap. Sugiyati uga ngolah pitik kampung dhewe.

Daging pitik digodhog banjur disuwir-suwir  kanggo adune soto.

Saliyane kuwi, uga ana rempah-rempah khusus lan resep rahasia sing ndadekake duduh soto lwuih bening lan krasa kaldu pitike.

‘’Soto Pacitan pencen duduhe bening, ora kaya sota daerah liyane sing nganggo santen,’’ jarene.

Warung sing wis ngadeg 41 taun iki ora mung nyedyakake soto. Nanging uga menu omahan liyane.

Kaya jangan kikil, tempe, nangka nom (tewel), oseng-oseng nganti semur. Uga nyediyakake maneka jajanan pasar.

Saking kondhange, pirang-pirang wong penting nate mampir neng warung iki. Salah sijine jenate maestro campursara Didi Kempot.

Malah, fotone Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) uga dipasang neng tembok warung iki.

SBY pancen putra daerah asli Pacitan. Nalikka dadi Presiden Ke-6 RI nate mampir neng warung ing Jalan Maghribi, Desa Menadi, Kecamatan Pacitan, iki. (hyo/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#pacitan #didi kempot #Susilo Bambang Yudhoyno #soto ayam #kuliner #pansela