Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Remeng-Remeng! Sa-Kabupaten Magetan Butuh 13.000 PJU, Sing Wis Kapasang Mung 5.000 Titik

Aprilita Sari • Jumat, 26 April 2024 | 21:00 WIB
DHUWIT CUPET: Ora ana tambahan lampu PJU neng tlatah perkotaan Kabupaten Magetan taun iki. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)
DHUWIT CUPET: Ora ana tambahan lampu PJU neng tlatah perkotaan Kabupaten Magetan taun iki. (AJI PUTRA/RADAR MADIUN)

MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Taun 2024 iki tlatah perkotaan ing Kabupaten Magetan bakal isih remeng-remeng.

Jalaran wis dipesthekake yen ora ana tambahan lampu penerangan jalan umum (PJU) meneh.

Miturut Kabid Prasarana Dinas Perhubungan (Dishub) Kabupaten Magetan Achmad Fauzi Ichsan merga ora ana anggaran.

Anggaran sing ana mung kanggo suku cadang unit pemeliharaan. ‘’Cacahe lampu PJU isih kurang,’’ kandhane wingi (25/4).

Taun 2023 kepungkur ana tambahan lampu hias sing dipasang neng ngarep Bank BRI Jalan Ahmad Yani, kuwi wae ora akeh. 

Fauzi nambahi yen kanggo tambahan PJU ora nate oleh bantuan saka dana alokasi khusus (DAK).

Kamangka kebutuhan PJU kanggo dalan kabupaten, provinsi lan nasional kira-kira 13.000. Sawetara sing ana mung 5.000-nan titik.

Saben taun pihake mesthi ngajokake tambahan, nanging sing nemtokake tim anggaran pemerintah daerah (TAPD).

Dishub mung bisa ngrencanakake lan ngleksanakake kegiatan miturut anggaran sing wis dijatah.

Kanggo mbayar rekening listrik PJU wae saben wulan dubutuhake anggaran rata-rata Rp 1,2 miliar. 

Gangguan PJU lan jaringan rusak meh saben dina ana saka pirang-pirang tlatah ing Kabupaten Magetan.

‘’Saben dina ana telu nganti lima lapuran gangguan, kabeh mesthi kita layani,’’ Fauzi mungkasi katrangane. (ril/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#penerangan jalan umum #magetan #dinas perhubungan #dana alokasi khusus