MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Warga Desa Tulung, Kecamatan Kawedanan, Kabupaten Magetan, geger.
Kira-kira jam 09.00, Senen (29/4) wingi, Suyadi, 65 taun, ditemokake ngglethak neng salah siji warung desa kono.
Warga Desa Tawangrejo, Kecamatan Takeran, Kabupaten Magetan, kuwi kawitane ditemokake ambruk neng warung sing tutup kuwi.
Miturut dheweke, merga warung kuwi tutup dadi korban ora kober mangan lan ngombe.
Sawise teka puskesmas lan dipreksa, jebule korban wis kelangan nyawa nalika neng ndalan tumuju puskesmas.
Asile olah tempat kejadian perkara (TKP) uga ora ditemokake babagan sing nyurigakake.
‘’Korban digawa menyang omahe sawise kulawarga neken surat pernyataan,’’ Suparminto mungkasi katrangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono