KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Pemkab Madiun lan Badan Pusat Statistik (BPS) Kabupaten Madiun beda etung-etungan.
Utamane bab angka pengangguran sing diklem Dinas Tenaga Kerja dan Perindustrian (Disnakerin) Kabupaten Madiun.
Ana geseh sing akeh banget. Ing 2023 BPS nyathet ana 22.746 jiwa pengangguran neng Kabupaten Madiun.
Nanging, Disnakerin Kabupaten Madiun ngeklem mung ana 6.222 jiwa warga sing ora duwe gawean.
Kok bisa? Simak katrangane Pejabat Fungsional Statistis Ahli Muda BPS Kabupaten Madiun Wahyu Wijayanti iki.
Miturut dheweke, pendataan dileksanakake BPS Kabupaten Madiun saben setaun pisan.
‘’Biasane sensus neng lapangan sasi Agustus lan dirilis asile ing akir taun utawa awal taun ngerepe,’’ kandhane wingi (28/4).
Wahyu nambahi, angka pengangguran 2023 kuwi mudhun sithik dibandhingake 2022 sing 23.757 jiwa.
Mudhune kira-kira 0,7 persen. Nanging durung trep karo target tingkat pengangguran terbuka (TPT)-ne pemkab 4,08 persen.
Angka pengangguran paling akeh disumbang saka para lulusan SMA/SMK lan diploma.
Alasane, pancen durung akeh lapangan kerja neng Kabupaten Madiun. Saengga akeh sing golek menyang njaba daerah.
Sawetara Kepala Disnakerin Kabupaten Madiun Imam Nurwedi ngeklaim cacahe pengangguran kurang saka 10 ewu jiwa.
‘’Datane BPS kuwi secara global. Pancen per Agustus 2023 BPS nyathet ana 19 ewu jiwa pengangguran,’’ jarene.
Nanging data kuwi dianggep dadekake angel pihake anggone nangani babagan pengangguran.
Mula disnakerin ndata meneh. Indikatore padha, nanging pihake liwat pemerintah kecamatan lan desa.
Asile pendataan sistem by name by address iki nemokake 6.222 jiwa pengangguran sing diugemi nganti saiki.
Dheweke ngeklem cara iki luwih unggul. Merga pemkab weruh tenan sapa lan nengendi warga sing kacathet nganggur kuwi.
Saengga, nalika ana program kanggo para pencari kerja (pencaker) neng Kabupaten Madiun bisa tepat sasaran.
‘’Padha karo BPS, angka pengangguran paling akeh saka lulusan SMA/SMK,’’ Nurwedi mungkasi katrangane. (ryu/aan)
Editor : Satmiko Supraptono