NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Para pedagang Pasar Besar Ngawi (PBN) ora jenjem karo aksi pencurian kios.
Malah pelaku pencurian kuwi katon neng rekaman kamera pengawas (CCTV) sing kapasang neng PBN.
‘’Wis kaping pindho kelangan dompet lan dhuwit neng laci,’’ kandhane Sugiatun, salah siji pedagang PBN, wingi (12/5).
Kapisan, totale dhuwite sing ilang Rp 2,6 yuta. Pelakune loro karekam CCTV, pasangan muda-mudi.
Pasangan iki nindakake aksine wayah esuk. Pelaku wadon nganggo kaos putih lan kathok cendhak.
‘’Diduga nglena pedagang, sing wadon iki ngubengi kios-kios ethok-ethok blanja,’’ jarene pedagang iki.
Yen pedagang kalena lan ninggalake kiose, pelaku wadon iki benjur menehi weruh pelaku sing lanang.
Pelaku lanang nganggo kaos abu-abu, ktahok cendhak, masker lan tas slempang banjur teka lan njupuk dompet neng kios.
Kadean iki wis dilapurake menyang Polres Ngawi minggu kepungkur. Korbane uga ora mung Sugiatun.
Umiati, tase uga ilang sanajan isine mung Rp 115 ewu. ‘’Muga-ndang kecekel,’’ Bidin, bojone Umiati, ngarep-arep.
Pihak kepolisian saiki lagi nylidiki kasus kuwi. Pulisi uga bakal ningkatake patroli neng pasar gedhe iki.
‘’Praupan sing karekam CCTV coba diidentifikasi. Isih penyelidikan,’’ kandhane Kapolsek Ngawi AKP Suyadi. (sae/sat)
Editor : Satmiko Supraptono