Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Petani Cengkeh neng Kabupaten Madiun Sambat merga Rega Asil Panene Mudhun, Ngene Katerangane Disperta

Satmiko Supraptono • Selasa, 14 Mei 2024 | 00:37 WIB
ORA APIK: Petani cengkeh neng Kecamatan Kare, Kabupaten Madiun, lagi panen. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
ORA APIK: Petani cengkeh neng Kecamatan Kare, Kabupaten Madiun, lagi panen. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Dusun Gondosuli, Desa/Kecamatan Kare, kondhang minangka salah siji pangasil cengkeh ing tlatah Kabupaten Madiun.

Akeh warga neng perengane Gunung Wilis iki sing mbudidayakake cengkeh wiwit puluhan taun kepungkur.

Pasang surut ditemahi para petani cengkeh neng kene. Kaya taun iki, contone. Para petani ora sumringah.

Jalarane rega cengkeh anjlok. Produktivitas uga mudhun merga wit cengkeh mati diserang virus.

Kaya sing dikandhakake Sunarmi, salah siji petani sing uga pengepul cengkeh ing dusun iki.

Miturut dheweke, rega cengkeh teles utawa lagi panen saiki Rp 40 ewu per kilogram. Sawetara cengkeh garing Rp 120 ewu.

Taun wingi sing teles Rp 45 ewu nganti Rp 50 ewu lan sing garing tembus Rp 140 ewu per kilogram.

Mudhune rega cengkeh iki, sembung Sunarmi, ana pirang-pirang faktor sing njalari.

Kapisan, merga lagi mangsa panen raya cengkeh. Apameneh, produksi daerah liya saya mundhak akeh.

Kosok baline karo tlatah Desa Kare. Produksine mudhun merga akeh wit sing mati kaserang virus.

Faktor kaloro, durung ana kontrak karo pabrik rokok sing biasa nampa cengkeh asil panene petani.

Saengga para petani mung ngandelake tengkulak lokal neng pasar tradisional utawa njaba daerah kaya Trenggalek lan Nganjuk.

‘’Merga regane mudhun akeh petani ngalih nandur komoditas liya sing luwih menjanjikan,’’ kandhane wingi (12/5).

Kepala Dinas Pertanian dan Perikanan (Disperta) Kabupaten Madiun Sumanto ora nyelaki kahanan iki.

Miturut dheweke, wis pirang-pirang taun keri iki virus nyerang wit cengkeh neng tlatah Kecamatan Kare.

Pihake wis koordinasi karo Pemprov Jatim lan pusat kanggo solusi kendalane para petani iki.

Nanging, virus kuwi ora bisa dibasmi kajaba mung mateni wit sing diserang lan nggenti karo wit anyar.

Disperta uga menehi bantuan pestisida lan bibit anyar kanggo peremajaan wit cengkeh.

Dheweke nerangake ana pirang-pirang faktor sing nyababake virus cengkeh angel ditangani.

Salah sijine, godhong cengkeh sing biasane dadi rabuk neng ngisore wit saiki malah didol.

Wiwit pirang-pirang taun keri iki, godhong cengkeh pancen didol kanggo disuling dadi minyak cengkeh.

Kamangka godhong-godhong sing rontok sangisore wit kuwi migunani minangka oksidan kanggo tanduran.

Godhong-godhong kuwi bisa njaga kerentanan wit cengkeh saka serangan ama utawa virus.

Bab iki, sembunge, wis disosialisasekake menyang masyarakat, kususe para petani cengkeh.

‘’Pananganan kaya ngene iki kudu ana sinergi antarane pamerintah lan petani,’’ Sumanto mungkasi katerangane. (ryu/aan)

Editor : Satmiko Supraptono
#harga #gunung wilis #Disperta #cengkeh #madiun #kare #virus