Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tradisi Ladosan “Piring Terbang” ing Pesta Pernikahan Adat Jawa, Ngurmati Tamu kayadene Raja

Satmiko Supraptono • Sabtu, 18 Mei 2024 | 21:00 WIB
SUGUH: Para sinoman sing ngladeni para tamu ing pesta pernikahan adat Jawa. (SURAKARTA.GO.ID)
SUGUH: Para sinoman sing ngladeni para tamu ing pesta pernikahan adat Jawa. (SURAKARTA.GO.ID)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Lumrahe wong duwe gawe saora-orane kudu suguh (nyuguhi) tamune.

Wujude pangan lan omben. Wiwit saka sing abot nganti sing entheng-enthengan utawa nyamikan.

Carane nyuguhake bisa prasmanan alias tamu milih utawa njupuk dhewe lan diladeni para tenaga pladen.

Ing pesta pernikahan utawa mantenan jaman saiki sing umum nganggo cara prasmanan. Salah siji alesane merga praktis.  

Nanging ing sabagean masyarakat Jawa isih nganggo cara kaloro. Yakuwi ladosan sing uga karan "piring terbang".

Karingkes saka pirang-pirang sumber, pakulinan utawa tradisi iki awujud nyuguhi para tamu nganggo cara diterake.

Ladosan asale saka tembung Jawa krama sing tegese ngladeni. Dadi para tamu diladeni kayadene raja lan ora perlu oncat saka lungguhe.

Para pladen (pramusaji) bakal nyuguhake hidangan sing ana urutane lan wektune kanthi cara diangkat nganggo baki.

Pirang-pirang piring hidangan ditata neng baki banjur diangkat para pladen kayadene terbang utawa mabur.

Ing tradisi ladosan uga ana urutane. Sing kapisan biasane jajanan utawa panganan pambuka lan wedang teh.

Sing kaloro, tamu undangan disuguhi sop manten. Sabanjure dhaharan arupa sega racikan.

Dhaharan sega racikan utawa sega pupuk iki isine sega putih, lawuh pepak nganggo acar lan krupuk.

Suguhan sing keri dhewe minangka panutup, biasane omben utawa es. Bisa es puter alias es krim utawa es podheng.

Para pladen utawa pramusaji uga diarani sinoman. Merga umume para nom-noman utawa karang taruna.

Nanging ing sabagaen tlatah malah sawalike, para pramusaji utawa pladen utawa sinomane bapak-bapak.

Biasane ing kampung-kampung utawa dusun-dusun ana pakumpulan sinoman sing duwe jeneng uga sragam dhewe-dhewe.

Malah yen neng tangga kampung utawa dusun ana warga sing duwe gawe gedhen kerep dibon merga kakurangan tenaga sinoman.    

Saiki ing sabagean tlatah ana inovasi. Wujude parade lan jejogetan para sinoman sadurunge ngleksanakake tugase.

Sanajan jaman wis modern, tradisi ladosan isih tetep ditrepake sabagean masyarakat Jawa minangka identitas budaya. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#prasmanan #jawa #madiun #pernikahan #Ladosan