Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh, Blangkon ora Mung Tutup Sirah nanging Uga Ana Filosofi lan Maknane

Satmiko Supraptono • Sabtu, 8 Juni 2024 | 00:00 WIB

TUTUP SIRAH: Maneka jinis blangkon duwe filosofi lan makna dhewe-dhewe. (DOKUMEN/SOLO BLAPAN)
TUTUP SIRAH: Maneka jinis blangkon duwe filosofi lan makna dhewe-dhewe. (DOKUMEN/SOLO BLAPAN)

JAWA Pos Radar Madiun – Blangkon minangka salah siji jangkepe busana adat Jawa kanggo wong lanang.

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, blangkon minangka wujud pambauran budaya agama Hindu lan Islam.

Yakuwi saka pedagang Gujarat keturunan Arab sing mlebu Indonesia kanggo nyebarake Islam, kususe neng Pulau Jawa.

Para pedagang kuwi umume ngenggo sorban utawa kain dawa sing digubetake kanggo nutupi sirahe.

Kuwi sing nginspirasi masyarakat Jawa nggunakake kain ditalekake sirah lan banjur disampurnakake dadi blangkon.

Kawitane, wujude blangkon kaya iket sing cara ngenggone rada ribet. Banjur disampurnakake dadi luwih gampang dienggo.

Blangkon sing dienggo masyarakat Jawa umume gaya Surakarta (Solo) lan Yogyakarta. Sanajan daerah liya uga duwe blangkon dhewe. 

Blangkon gaya Surakarta, ing bagean mburine trepes utawa rata. Sawetara gaya Yogyakarta, bagean mburine mbendhol.

Blangkon kanggo masyarakat Jawa uga duwe filosofi. Wujude kaya kupluk nanging duwe maknan dhewe-dhewe.

Blangkon sing mbendhol mburi lan ana kain loro sing nglewer minangka wujud pagormatan lan martabat.

Mbendhol mburi minangka representasi panggunaan iket sirah wong lanang Jawa ing jaman biyen.

Nalika kuwi, akeh wong lanang sing rambute dawa lan ditaleni rapi nganggo kain lan digulung.

Iki minangka wujud pangandalian diri merga ngumbar rambut ore-ore minangka wujud emosi utawa amarah.

Saengga blangkon mbendhol mburi kanggo pepeling supaya duwe sikap kalem lan bisa nahan emosi.

Sawise Islam mlebu tanah Jawa, ana makna tambahane. Kain loro sing nglewer neng mburi nglambangake dua kalimat syahadat.

Biyen, blangkon digunakake kanggo mbedakake  kaum ningrat kraton lan masyarakat umum sing mung ngengge iket.

Nanging, saiki blangkon wis akeh digunakake kabeh kalangan. Wiwit wong lanang dewasa nganti bocah-bocah. (mg4/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#busana #jawa #madiun #blangkon #islam