KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kasus memper klithih (klitih) Jogja neng Kota Madiun tengah Mei wingi durung rampung.
Sanajan Polres Madiun Kota wis netetapake 11 tersangka, lan mirise sanga ing antarane isih di bawah umur.
Pulisi uga isih mburu siji terduga pelaku penusukan nganggo senjata tajam (sajam) sing kabur sawise kadadean.
Saliyane kuwi, dugaan panitia acara Anniversary Sakura Madiun ka-4 ing Sugar Dkeaddy Café (SDC) terlibat uga dijerokake.
Kanggo kawruh, kadadean pengroyokan lan pengrusakan iki sawise bubaran acara klompok Sakura Madiun iki.
Tempat kejadian perkara (TKP)-ne neng Jalan Yos Sudarso, Jalan Kalasan lan Jalan Puspo Warno, Kota Madiun.
Miturut Kasatreskrim Polres Madiun Kota AKP Sujarno, cacahe tersangka isih bisa tambah meneh.
Salah sijine, pihak panitia penyelenggara acarane klompok Sakura Madiun kuwi sing kira-kira bakal nyusul.
‘’Bab panitia tetep kita tindak lanjuti, malah wis kita preksa lan amanake,’’ kandhane Sujarno wingi (10/6).
Panitia diduga nerak ukum bab penyelenggaraan pesta utawa keramaian tanpa oleh ijin saka kepolisian.
Pasal 510 KUHP, sembunge, bisa kanggo njiret panitia. Malah bisa uga kena dijiret nganggo pasal berlapis.
Kuwi yen panitia uga terlibat ing kadadean pengroyokan lan pengrusakan sawise acara iki.
‘’Yen pancen ditemokake petunjuk keterlibatan bentrok massa kuwi, bakal kita terapake pasal liyane,’’ jarene Sujarno.
Nalika kasus iki dirilis Polres Madiun minggu wingi, kabukak yen kadadean iki nglibatakake rong klompok.
Klompok kapisan saka Sakura Madiun lan klompok kaloro sih durung cetha. Nanging, loro-lorone ana gandhengane.
Merga kadadean iki korban pitu luka-luka lan telu ing antarane mlebu rumah sakit. Sawetara warung siji dirusak.
Kadadean iki ndadekake Kapolres Madiun Kota AKBP Agus Dwi Suryanto getem-getem karo klompok kuwi.
Malah dheweke duwe rencana mbubarake klompok sing pusate neng Rembang, Jawa Tengah, iki.
Rencana iki uga disarujuki Penjabat (Pj) Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto supaya Kota Madiun tansah kondusif. (ggi/sat)
Editor : Satmiko Supraptono