JAWA Pos Radar Madiun – Saka pirang-pirang jinis pasa kajawen, Pasa Weton klebu lumrah utawa ora ekstrem.
Ing sabagean masyarakat Jawa, pasa iki minangka wujud sukur marang Gusti Pengeran merga wis diparingi umur dawa.
Uga minangka mawas diri bab tumindak ala lan becik ing antarane loro dina kalairan (saiki lan sadurunge).
Pasa iki uga dadi pakulinan sing ditindakake sabagean masyarakat Jawa merga klebu ora akeh sarat sing kudu dicukupi.
Mung wayah dina kalairan miturut panangglan Jawa. Kaya kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan iki.
Weton utawa dina kalairan miturut pananggalan Jawa yakuwi kombinasi dina lan pasaran (Legi, Pahing, Pon, Wage lan Kliwon).
Pasa Weton bisa ditindakake dhewe utawa wong liya. Contone, wong tuwa masani wetone anak supaya anake apik-apik wae.
Iki katerangan babagan Pasa Weton:
- Nemtokake Weton
Weton dhasare saka dina lan pasaran kalairan. Contone, lair ing dina Senen pasaran Legi tegese wetone Senen Legi.
- Niat Pasa Weton
Sadurunge miwiti Pasa Weton, kudu duwe niat kang iklas marang Gusti Pengeran minangka wujud pangormatan marang kuwasa-Ne.
Niat Pasa Weton bisa lisan utawa neng njero ati. Kudu cetha tujuane pasa iki kanggo nyenyuwun apa marang Gusti Pengeran.
Contone: Niat ingsun pasa dina kalairan (weton) tanpa mangan tanpa ngombe kanggo (sebutake hajat/tujuan) kerana Allah ta’ala (kanggo Islam).
- Wayahe Pasa Weton
Lumrahe, Pasa Weton dileksanakake ing malem dina weton. Diwiwiti sadurunge magrib nganti magrib dina sesuke (24 jam).
Nanging uga ana sing nindakake memper lumrahe pasane umat Islam. Yakuwi, sadurunge subuh nganti magrib ing dina sing padha.
- Donga lan Amalan
Nalika ngleksanakake Pasa Weton luwih apik yen ngakehi amal kabecikan. Bisa dikir, maca Alquran (kanggo Islam) lan tumindak liya sing migunani.
Saliyane kuwi uga ndonga lan nyenyuwun marang Gusti Pengeran supaya oleh kaberkahan lan kaslametan donya nganti akhirat.
- Pangaruh ing Panguripan
Pasa Weton diyakini bisa menehi pangaruh ing panguripan manungsa. Wiwit saka kesehatan, rejeki, nganti kabegjan.
Sanajan Pasa Weton iki ora duwe dasar ajaran agama, nanging isih dadi bagean tradisi lan budaya Jawa.
Pasa Weton minangka salah siji wujud pangormatan lan panghayatan tumrap kearifan lokal lan budaya Jawa.
Sing kudu weruh, Pasa Weton uga beda karo ibadah pasa ing agama Islam sing duwe aturan lan sarat dhewe. (mg1/nda)
Editor : Satmiko Supraptono