Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Dolanan: Gugur Gunung Nyimpen Pitutur Luhur Bab Tetulung marang Sapadha-padha

Satmiko Supraptono • Selasa, 2 Juli 2024 | 23:45 WIB

ILUSTRASI: Panggawean sing abot bakal entheng yen ditindakake kanthi gotong royong. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Panggawean sing abot bakal entheng yen ditindakake kanthi gotong royong. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Tembang Gugur Gunung klebu salah siji tembang dolanan bocah-bocah Jawa.

Tembang sing dianggit dening seniman Jawa lan dalang kondhang Ki Narsosabdo iki kerep ditembangake bocah-bocah nalika dolanan.

Ngene lirike tembang Gugur Gunung:

Ayo ayo kanca kanca

Ngayahi karyaning praja

Kene kene kene kene

Gugur gunung tandang gawe

Sayuk sayuk rukun

Bebarengan ro kancane

Lila lan legawa

Kanggo mulyaning nagara

Baca Juga: WARTA JAWA | Maknane Tembang Dolanan Suwe Ora Jamu, Ngadhepi Kasunyatan sing Ora Cocog karo Angen-Angen

Siji loro telu papat

Maju papat papat

Diulang ulungake

Mesthi enggal rampunge

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Holobis kuntul baris

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Dolanan Kidang Talun sing Nyritakake Kidang, Tikus lan Gajah, Apa Maknane?

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, tembang iki kebak pitutur luhur.

Tembang Gugur Gunung ora mung minangka sarana panglipur merga bisa ditembangake boca-bocah nalika dolanan.

Gugur gunung tegese upaya bareng-bareng sing tujuane tetulung marang sapadha-padha minangka bagean tanggung jawab sosial.

Gugur gunung uga bisa diartekake minangka salah siji tradisi gotong royong ing masyarakat Jawa.

Saliyane kuwi uga migunani minangka panyemangat masyarakat nalika nindakake gotong royong utawa kerja bakti.

Tembang iki uga migunani minangka sarana sinau bocah-bocah jalaran duwe pesan moral sing bisa diajarake marang para siswa.

Yakuwi, bab cinta tanah air sing tegese masyarakat duwe kuwajiban mujudake bangsa sing maju, aman,tentrem lan duwe martabat.

Ing ukara sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane nggawa pesan moral yen kita kudu tetulung ing kabecikan.

Uga kudu urip rukun kanggo nuwuhake rasa paseduluran marang sapadha-padha ing masyarakat.

Tembang iki uga ngajarake supaya kita duwe sipat legawa utawa iklas nalika gotong royong kanggo kapentingan bebarengan. (mg2/nda)

Editor : Satmiko Supraptono
#gotong royong #tembang #dolanan #jawa #madiun #Gugur Gunung