MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun - Warga Desa Bogem, Kecamatan Kawedanan, Kabupaten Magetan, geger.
Gara-garane, kebon tebu sing wis siap dipanen ing desa iki kobong kira-kira jam 10.00, Minggu (14/7) wingi.
Miturut Rusdi, ketua Gapoktan Subur, dheweke lan warga liyane nyoba nggawe ilaran supaya geni ora mrambat.
Lahan ing kene, sambunge, kabeh pancen ditanduri tebu. Ana sing wis panen lan ana uga sing arep panen.
Sawetara lahan sing kobong minangka tanah bengkok Desa Bogem sing disewa Yudi lan ambane 10 hektar.
Geni saya mbulat-mbulat lan cepet mrembet jalaran angin gedhe lan cuaca sing panas awan wingi.
Saliyane nyoba ngleremake kbongan, buruh tebang uga ditekake kanggo manen tebu sing durung kobong.
‘’Upaya iki kanggo nylametake tebu supaya bisa didol, saengga petani ora akeh rugine,’’ kandhane.
Sawetara Satpol PP dan Damkar Magetan sanalika nekani lokasi kobongan sawise oleh lapuran saka masyarakat.
Armada mobil pemadam kebakaran (damkar) loro diterjunake. Titik geni dipedhot supaya ora mrembet menyang ngendi-ngendi.
Jalaran lahan tebu ing lokasi kadadean amba banget, petugas butuh wektu kira-kira rong jam kanggo mateni kobongan iki.
Keri-keri iki, angin pancen gedhe banget. Mula Satpol PP dan Damkar Magetan meling warga supaya luwih ati-ati lan waspada.
Utamane yen arep ngobong godhong-godhong tebu garing utawa sampah liyane neng cedhak kebon tebu.
‘’Kaanane angin kudu digatekake, jalaran angin gedhe bisa ndadekake genis cepet mbulat-mbulat lan mrembet,’’ Dovi Saputra, petugas damkar, mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono