JAWA POS RADAR MADIUN – Saka 11 tembang Macapat lan miturut uruta-urutane, tembang kalima yakuwi Asmarandana.
Tumrape masyarakat Jawa, Macapat ora mung lumrahe tembang, nanging uga kebak makna lan filosofi.
Klebu tembang Asmarandana iki. Miturut pirang-pirang sumber, kaya ngene katerangan cekake.
Asmarandana nggambarake lelakune manungsa nalika madokake katresnan marang jodho utawa pasangan uripe.
Uga wis dadi karsane Gusti Kang Maha Agung yen manungsa kacipta duwe pasangan dhewe-dhewe
Tembang Asmarandana duwe guru gatra 7 larik utawa baris lan guru lagune i, e, a, a, u, a ing saben larik.
Sawetara guru wilangane 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8. Tegese, baris kasiji ana wolung wanda lan sateruse.
Jalaran kanggo ngambarake rasa kasmaran, ing tembang iki ana rasa seneng, sedhih, tresna, kuciwa nganti pedhot ati.
Iki conto tembang Asmarandana:
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel, angel lakangkung
Tan kena tinumbas arta.
Ngene jlentrehane:
Gegaraning wong akrami, tegese sangu utamane wong kang mbangun urip omah-omah.
Dudu bandha dudu rupa, maknane ora mung ngandelake bandha lan rupa, nanging ngenali watake pasangan luwih penting.
Amung ati pawitane, maksute nalika milih pasangan prayogane kanthi ati kang resik kanggo niat omah-omah
Luput pisan kena pisan, tegese yen niat omah-omah mung sepisan utawa kanggo salawase nganti ninggalake donya.
Yen gampang luwih gampang, artine ngliwati urip omah-omah kadhangkala rasane sarwagampang yen atine resik.
Yen angel, angel kalangkung, maksute ing urip omah-omah kadhangkala rasane sarwa-angel yen atine reget.
Tan kena tinumbas arta, artine kabagyan ing urip omah-omah ora bisa dituku nganggo bandha-donya.
Gampang utawa angel ing urip omah-omah, kabeh gumantung ing swasana atine pasangan bebojoan.
Jalaran, ora ana masalah urip sing ora bisa dirampungake kajaba yen pasangan ora gelem ngrampungake. (sat)
Editor : Satmiko Supraptono