Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Tembang Didi Kempot sing Ngangkat Panggonan neng Madiun Raya (4): Prapatan Sleko Kota Madiun

Satmiko Supraptono • Sabtu, 27 Juli 2024 | 23:00 WIB

POJOK KULINER: Tlatah Prapatan Sleko ing Kota Madiun sing nginspirasi tembange Didi Kempot. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)
POJOK KULINER: Tlatah Prapatan Sleko ing Kota Madiun sing nginspirasi tembange Didi Kempot. (DOKUMEN/RADAR MADIUN)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ora bisa diselaki yen jenate Didi Kempot minangka maestro tembang campursari ing Indonesia.      

Ora mung penyanyi, nanging uga pencipta atusan tembang Jawa sing nganti saiki isih akeh ditembangake masyarakat uga penyanyi liya.

Rata-rata tembange duwe tema patah hati, saengga oleh julukan “Godfather of Broken Heart” lan “Bapak Patah Hati Nasional”.

Ciri kas liya ing tembange Didi Kempot akeh sing ngangkat panggonan sing dadi ikone salah siji daerah.

Iki bisa diarani minangka bukti saka “Sewu Kutha” sing wis diliwati, salah siji tembange Didi Kempot sing paling hits. 

Klebu pirang-pirang panggonan ing Madiun Raya sing nginspirasi tembange. Salah sijine Prapatan Sleko ing Kota Madiun.

Prapatan Sleko minangka salah siji panggonan sing dadi ikone Kota Madiun, sing saiki isih ana tandhane yakuwi Pasar Sleko.          

Jaman biyen ing sakubenge prapatan iki uga ana stasiun kereta api (jurusan Madiun-Ponorogo) lan terminal bis.

Ana sekolah dasar negeri (SDN Sleko) sing wis ganti jeneng dadi SDN 01 Pandean lan menara banyu (PDAM). 

Iki cakepan utawa lirik tembang Prapatan Sleko:

Neng kutha madiun tanganmu tak tuntun

Nalika semono neng ati rasane bingung

Janji sedina, lunga ra nganti setaun

Nanging seprene, mulih wis ora purun.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (11): Pucung Nggambarake Lelaku Pungkasane Manungsa ing Alam Donya utawa Mati

Saben liwat bangjo neng Prapatan Sleko

Pingin nangis eling nalika isih wong loro.

Rina lan wengi kowe tak anti-anti

Neng Madiun tak suwun enggala bali.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (10): Megatruh Nggambarake Manungsa nalika Ngadhepi Tekane Malaikat Juru Pati

Yen wis emoh bali ning aja ngene iki

Mesakna aku sing isih nresnani.

Yen wis emoh mulih neng aja gawe sedhih

Seprene tresnaku ra bisa ngalih.

Baca Juga: WARTA JAWA | Tembang Macapat (9): Pangkur Duweni Makna Mungkur saka Tumindak Ala Tumuju Kahanan kang Luwih Apik

Neng kutha madiun tanganmu tak tuntun

Nalika semono neng ati rasane bingung

Janji sedina lunga ra nganti setaun

Nanging seprene tanpa kabar lan tembung.

Editor : Satmiko Supraptono
#campursari #tembang #didi kempot #jawa #madiun #sleko