Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sasi Sura Taman Wisata MUS neng Kabupaten Madiun Diruwat, Apa Wae Rituale?

Loditya Fernandes • Senin, 29 Juli 2024 | 20:30 WIB
TRADISI BUDAYA: Ruwat Sengkala Bumi Praja Nusantara ing MUS Kabupaten Madiun. (R BAGUS RAHADI/RADAR CARUBAN)
TRADISI BUDAYA: Ruwat Sengkala Bumi Praja Nusantara ing MUS Kabupaten Madiun. (R BAGUS RAHADI/RADAR CARUBAN)

KAB. MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Taman Wisata Madiun Umbul Square (MUS) dikebaki warga wingi (28/7).

Ora mung merga wisata nanging uga ndeleng lan melu acara Ruwat Sengkala Bumi Praja Nusantara.

Tradisi ruwatan iki ajek digelar ing taman wisata duweke Pemkab Madiun saben taun ing sasi Sura utawa Muharam.

Miturut Direktur MUS Afri Handoko, ruwatan iki nate  mandheg pirang-pirang taun lan dianakake meneh wiwit 2013.

Ritual ruwatan diwiwiti ngangsu banyu saka pitung sumber. Banjur kirab lan jamasan pusaka uga kurasan umbul lirang.

Ruwatan iki, sembunge, tujuane kanggo ngrumat lan nguwatake sesrawungan lan nguri-nguri budaya lan tradisi Jawa.

Jamasan minangka lambang ngresiki diri lan kurasan jalaran MUS asale saka sumber (umbul) lirang (belerang).

‘’Tradisi iki kita angkat meneh minangka bentuk kearifan lokal liwat kagiatan kurasan iki,’’ kandhane wingi.

Ketua Komisi C DPRD Kabupaten Madiun Budi Wahono uga melu ing ritual Ruwat Sengkala Bumi Praja Nusantara iki.

Dheweke ngapresiasi kagiatan budaya sing ora bisa dipisahake karo hari jadi ka-456 Kabupaten Madiun, Juli iki.

Lokasi MUS uga cedhak situs budaya Ngurawan sing duwe sesambungan karo sejarah ngadege Kabupaten Madiun.

Saengga, kandhane, perlu diangkat lan dilestarekake tradisi ruwatan, jamasan pusaka lan kurasan ing MUS iki.

Baca Juga: WARTA JAWA | Suran Agung neng Kota Madiun Bisa Mlaku Lancar sanajan Isih Ana Pelanggaran Maklumat

Miturut dheweke, uga ana  manpaat ekonomi ing tradisi rutawan iki. Merga akeh UMKM sing ngramekake.

‘’Mengarep perlu nglibatake komunitas seni, budaya lan liyane supaya potensi ruwatan iki saya luar biasa,’’ Budi mungkasi katerangane. (odi/sat)

Editor : Satmiko Supraptono
#Umbul square #pemkab #sura #madiun #ruwatan #Muharam #nusantara