PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun - Warga Dusun Wati, Gawang, Kebonagung, Pacitan, isih ngugemi tradisi leluhure.
Minangka wujud sukur marang Gusti Kang Maha Agung, warga kene nggelar sedekah bumi ing sasi Sura iki.
Miturut Sutrisno, sesepuh adat kene, upacara Baritan iki wis dadi tradisi turun tumurun wiwit abad ka-16.
Konon critane, nalika kuwi desa iki katerak pageblug. Mula banjur digelar upacara ngungsir roh jahat sing nggawa penyakit .
Baritan saka tembung “bareng-bareng wiritan”. Tegese, nyenyuwun pangayoman lan kaslametan marang Gusti.
Intine ritual iki arupa wilujengan utawa slametan sing digelar bareng-bareng warga neng tengah lapangan dusun.
‘’Kawitane saka ngungsir pageblug, banjur dadi tradisi desa iki nganti saiki,’’ kandhane wong lanang sing umure 66 taun iki.
Sutrisno nyritakake, nalika pagebluk kuwi desane isih dadi wewengkon anak turune Ki Buwono Keling Ka-8.
Yakuwi Bayu Ratas lan Posong Singo Yudho. Sawise oleh wisik, kalorone banjur tapa brata ing Gunung Pongkowati 40 dina.
Tujuane supaya pageblug sirna. Kalorone banjur oleh pituduh supaya ngleksanakake ritual tulak balak.
Werna-werna ubarampe kudu dicukupi. Ing antarane ngorbanake wedhus kendhit kanggo ngungsir pageblug.
Sadurunge upacara Baritan digelar, warga nindakake bersih desa lan maesi nganggo janur ing pinggir dalan lan gapura.
Para wanitane nyiapake maneka panganan lan asil bumi. Bengi sadurunge, warga tirakatan maca wirit lan salawat.
‘’Iki ditindakake bareng-bareng nganti esuk. Dadi ora oleh turu utawa kudu melekan sewengi,’’ jarene.
Puncake upacara Baritan, mbeleh pitik lan wedhus kendhit banjur ndhase dipendhem neng tengah lapangan.
Sawetara sikile dipendhem neng patang titik utawa arah mata angin gerbang mlebu Dusun Wati.
Daging ulam sari sing wis dimasak lan sega suci dibagekake warga lan ditutup mangan bareng utawa kembul bujana. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono