SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Tlatah Madiun Raya relatif adhem ayem sasuwene sasi Sura nganti tekan saiki.
Tradisi Suroan lan Suran Agung sing digelar loro perguruan pencak silat uga aman, lancar lan terkendali (mancarli).
Kamangka ing taun-taun sadurunge acara ngene iki kerep nggawe ora jenjeme masyarakat jalaran duwe potensi kisruh.
Kahanan sawalike malah kadaden ing tlatah Solo Raya, Jawa Tengah, ing sadawane sasi Sura sing meh rampung iki.
Kacathet pirang-pirang kadadean ora ilok sing nglibatake oknum anggota perguruan pencak silat ker-keri iki.
Bentrokan warga pencak silat siji lan liyane uga karo masyarakat oleh wigati saka Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI) Jawa Tengah.
Mula perguruan pencak silat dijaluk ngetokake anggotane sing tumindak ora lumrah apameneh nganti nerak hukum.
Panjalakukan iki dikandhakake Ketua IPSI Jawa Tengah Harry Nuryanto nalika ngukuhake Pengurus IPSI Solo wingenane.
Miturut dheweke, bentrokan oknum pesilat utawa pendekar umume ditindakake anggota anyar sing lagi dadi warga.
‘’Jalaran isih labil. Isih mbocahi, durung bisa mikir dewasa. Prekara sepele bisa dadi gedhe,’’ kandhane Harry Nuryanto.
Dheweke ngarep-arep pengurus perguruan silat ora nutup mata lan ora nglindungi anggotane sing tumindak kleru.
Para pengurus perguraan silat, sambunge, duwe kewajiban ngawasi para anggotane. “Yen pancen salah, kudu wani ngetokake,’’ welinge.
IPSI Jateng terus ngupayakake nyuda potensi gesekan. Salah sijine, nglebokake kabeh perguruan silat ing IPSI.
‘’Kita klumpukake dadi sawadhah supaya kita dadi sedulur lan nalika ana masalah bisa dirampungake bareng,’’ kandhane. (atn/lz)
Editor : Satmiko Supraptono