NGAWI, Jawa Pos Radar Madiun – Para petani kudu luwih ati-ati yen masang mesin diesel kanggo nyedhot banyu neng sawah.
Jalaran para maling bisa wae isih gentayangan golek sasaran ngincer mesin diesel pertanian sing ditinggal neng sawah.
Sanajan Polres Ngawi wis kasil nyekel komplotan maling mesin diesel cacah lima. Papat warga Ngawi lan siji warga Magetan.
‘’Kita kerja sama karo Polres Magetan,’’ kandhane Kapolres Ngawi AKBP Dwi Sumrahadi Rakhmanto wingi (8/8).
Miturut Dwi, tersangka loro, yakuwi Agus Susanto lan Rohmad ditahan neng Mapolres Magetan, sisane neng Mapolres Ngawi.
Dheweke nyebutake, yen komplotan iki wis kaping lima maling mesin diesel ing tlatah Kabupaten Ngawi wiwit Maret kepungkur.
Saliyane neng kuwi, para tersangka uga maling neng tlatah Kabupaten Magetan lan Kabupaten Sragen, Jawa Tengah.
Otak komplotan pencurian iki Agus Susanto, residivis kasus narkotika 2019 sing ngejak para tersangka liyane.
Agus bagean methik lan nyediakake kendaraan kanggo ngemot asil malingan. Rohmad sing nyopir lan ngedol barang malingan.
Sawetara tersangka telu liyane sing ditahan Polres Ngawi, tugase methik lan mrotholi mesin diesel.
Uga ana sing tugase ngawasi sakubenge tempat kejadian perkara (TKP) lan ngrewangi ngangkat diesel malingan.
Para maling iki nindakake aksine ing wayah bengi, sasarane mesin diesel sing ditinggal neng sawah.
Mesin diesel cacah lima asil malingan diamanake. Uga mobil Daihatsu Grand Max B 9055 UB lan mobil Nissan Serena AB 1193 UQ.
Para tersangka kaancam pidana penjara paling suwe 7 tahun penjara jalaran maling bareng-bareng wong loro utawa luwih.
Para tersangka sing dicekel pulisi:
- Agus Susanto, 25, warga Desa Kadangan, Kecamatan/Kabupaten Ngawi
- Sukono, 41, warga Desa Kadangan, Kecamatan/Kabupaten Ngawi
- Slamet Rianto, 29, warga Desa Kadangan, Kecamatan/Kabuoaten Ngawi
- Ardi Warda Saputra, 24, warga Kelurahan Margomulyo, Kecamatan Ngawi.
- Rohmad, 41, warga Desa Banjarejo, Kecamatan Ngariboyo, Kabupaten Magetan
Limang TKP sing disasar para tersangka:
- Desa Sukowiyono, Kecamatan Padas, Kabupaten Ngawi
- Desa Kalang, Kecamatan Pitu, Kabupaten Ngawi
- Desa Karangtengah Prandon, Kecamatan/Kabupaten Ngawi
- Desa Jenggrik, Kecamatan Kedunggalar, Kabupaten Ngawi
- Desa Gelung, Kecamatan Paron, Kabupaten Ngawi. (sae/sat)