KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Pahlawan Street Center (PSC) Kota Madiun dikebaki ewon wong Minggu (18/8) bengi.
Persisie nalika ing punjere Kota Madiun iki digelar Pesta Kemerdekaan kanggo ngregengake HUT Ke-79 Kemerdekaan RI.
Kabeh warga, nom-tuwa, priya-wanita, lila uyel-uyelan jalaran panitia nekakake Katon Bagaskara, vokalise Kla Project.
Sasuwene Pesta Kemerdekaan digelar, Jalan Pahlawan Kota Madiun ditutup total alias steril saka kendaraan.
Pedagang kaki lima (PKL) sing nalika digelar car free night (CFN) sadurunge ora temata ditertibake.
Para PKL diwenehi panggonan ing Jalan Perintis Kemerdekaan, Jalan Kalimantan, Jalan Sulawesi lan Jalan Semeru.
Satpol PP, Dishub, BPBD lan Disdag Kota Madiun nata atusan PKL sadurunge Pesta Kemerdekaan diwiwiti.
‘’Wiwit isuk pancen wis kita sterilisasi,’’ kandhane Kasatpol PP dan Damkar Kota Madiun Sunardi Nurcahyono.
Sawetara Pj Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto bungah sumringah ndeleng kaananane Pesta Kemerdekaan iki.
Miturut dheweke, event iki bisa menehi kauntungan ekonomi kanggo para pelaku UMKM, pengusaha lan PKL.
Pihake ngira-ngira ana dhuwit Rp 1 milyar sing mubeng nalika Pesta Kemerdekaan iki digelar suwene limang jam.
Apameneh Pesta Kemerdekaan iki digelar gratis kanggo panglipur lan menehi kabagyan masyarakat Kota Madiun.
‘’Nyatane, pesta rakyat iki bisa narik pengunjung. Saengga rodha ekonomi bisa mubeng,’’ Eddy mungkasi katerangane. (mg1/her)
Editor : Satmiko Supraptono