KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kaanane jalan baru utawa dalan anyar ing Kota Madiun sejatine nggawa berkah.
Utamane tumrap para pelaku usaha mikro, kecil dan menengah (UMKM) sektor kulineran sing bukak neng kene.
Malah wis lumrah yen dalan iki diarani pusate angkringan neng Kota Madiun, jalaran saking akehe sing bukak lapak.
Nanging merga kawitane ora ditata, banjur kesane para pedagang kaki lima (PKL) kuwi sakepenake dhewe.
Suwene suwe, dalan anyar karan Jalan Sentot Prawirodirjo iki malah dadi semrawut lan ora tertib ing wayah bengi lan awan.
Jalaran kaanane piranti lan barang dagangan sing kerep ditinggal para pedagang ing lokasi bukak lapak iki.
Luwih becik telat tinimbang ora babar blas, mbok menawa iki jurus sing dienggo Pemkot Madiun minangka upaya nertibake.
Upaya iki kanggo ningkatake ketenteraman, ketertiban, lan kesejahteraan para pengelola lapak lan PKL ing dalan anyar.
Kuwi kandhane Kepala Satpol PP dan Damkar Kota Madiun Sunardi Nurcahyono, Setu (31/9) wingi.
Upaya nata salah siji panggonan nongkrong ing Kelurahan Manisrejo, Kecamatan Taman, iki wujude peraturan daerah (perda).
‘’Kita support (kaanane PKL, Red), nanging diarahake supaya luwih tertib lan apik kanggo njaga lokasi dodolan iki,’’ kandhane.
Bab iki wis disosialisasekake marang delapan lapak lan 64 PKL ing dalan anyar, panataan bakal ditindakake bertahap.
Panataan wiwit bab kebersihan, pangembangan, nganti kebijakan. Jalaran, dalan anyar iki sejatine minangka jalur alternatif.
Pihake ngarep-arep PKL ing Jalan Sentot Prawirodirjo iki supaya nyiptakake kondisi sing apik lan menarik kanggo pengunjung.
Sawetara Pj. Wali Kota Madiun Eddy Supriyanto ngejak PKL melu njaga ketertiban lan keamanan kawasan.
Miturut dheweke, bab iki ana sesambungane karo upaya peningkatan perekonomian ing Kota Madiun.
‘’Tak jaluk, ora ngedol utawa ngombe minuman keras (miras) neng tlatah kuwi,’’ Eddy mungkasi katerangane. (mg1/den)
Editor : Satmiko Supraptono