JAWA POS RADAR MADIUN – Budaya masyarakat Jawa identik karo maneka prosesi upacara adat lan tradisi.
Kasakralane upacara adat lan tradisi ing sabagean masyarakat Jawa ora bisa dipisahake karo ubarampe lan sajen.
Sejatine, tradisi sajen iki tinggalane pangaruh Hindu-Budha sing banjur mbudaya ing masyarakat Jawa nganti saiki.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, ngene katerangan cekak bab sajen (sesajen).
Sajen dijupuk saka istilah sastra jen rahayu ning rat pangruwat ing diyu sing artine tulisan Kang Maha Kuasa sing kudu dimangerteni.
Supaya dadi pepadhang, tansah slamet lan sejahtera tumrap panguripan ing jagat raya kanggo musnahake kabingungan.
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) sajen artine pakan (maneka kembang) kanggo makluk alus.
Saka definisi iki sajen kenceng banget sesambungane karo kakuatan utawa alam gaib lan makluk alus.
Sajen uga diartekake sesembahan sing tansah disedyakake minangka simbul semangat utawa spiritualisme.
Iki minangka pratandha yen manungsa percaya ana kakuatan liya sing luwih dhuwur lan luwih hebat ing ndhuwure.
Ing sabagean masyarakat Jawa, mujudake sajen arupa slametan supaya diadohake saka bebendu, kudu tansah diugemi.
Ing prakteke, wujude sajen maneka warna, jinis lan rupa gumantung maksud lan tujuan ing panggunaane.
Wiwit menyan, panganan, kembang setaman, lan liya-liyane. Biasane dicawisake ing panggonan sing dianggep sakral.
Contone, gunung, kuburan, sangisore wit-witan gedhe, watu gedhe, kali lan panggonan sing disakralake liyane.
Saliyane sarana upaya golek kaslametan saka bebendu, sajen uga minangka media nyedhakake marang Gusti Kang Maha Agung.
Sajen uga dadi sarana masyarakat minangka sesembahan marang Gusti Kang Maha Agung lan arwah para leluhur. (mg4/nda)
Editor : Satmiko Supraptono