PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Kahanan kayadene jaman watu kagambar ing Desa Kalipelus, Kecamatan Kebonagung, Kabupaten Pacitan.
Kususe ing Dusun Batulapak, aktivitas golek watu gedhe kanggo bahan baku nggawe tungku (pawonan) isih mlaku nganti saiki.
Salah sijine sing dilakoni bapak lan anak, Tumidi lan Edi Sutikno, perajin tungku batu (pawonan watu) iki.
Bapak-anak kuwi wis nglakoni lan nlateni panggawean iki wiwit limang taun kepungkur. Nganti saiki isih eksis.
Sanajan sanyatane ing jaman modern iki masyarakat akeh sing wis nggunakake kompor gas utawa listrik.
Saben dina nggarap watu sing dawane 150 sentimeter, ambane 50 sentimeter, lan dhuwure 40 sentimeter.
Watu kuwi dibentuk nganggo pacul kusus, paji wesi lan palu manual. ‘’Sedina pawonan siji,’’ kandhane Tumidi wingi (17/9).
Pawonan watu gaweane Tumidi ora kapangan jaman. Buktine, isih akeh sing mbutuhake, pesenan uga teka ora nate leren.
‘’Pesenan sadurunge durung rampung, wis ana pesenan meneh. Dadi, ora nate leren nggarap pesenan,’’ jarene.
Sawise watu dibentuk dadi pawonan, proses ngalusake (finishing) nganggo pasah kayu sing wis didesain kusus.
Regane pawonan watu gaweane Tumidi lan anake kuwi beda-beda gumantung ukuran utawa gedhe-cilike.
Pawonan bolongan siji diregani Rp 50.000, bolongan loro Rp 80.000 lan sing paling gedhe nganti Rp 120.000 per unit.
Sanajan gawean iki lumayan abot, nanging bisa menehi kaya lumayan dhuwur kanggo Tumidi lan kulawargane.
Apameneh yen cuaca lagi apik lan awake sehat, Tumidi lan anake bisa mroduksi tungku batu saben dina.
Panggawean sing isih nggunakake teknik tradisional lan katrampilan kusus iki diwarisake turun-tumurun.
Tumidi lan anake mbuktekake panggah bisa eksis ing tengah-tengahe tantangan modernisasi. (hyo/sat)
Editor : Satmiko Supraptono