JAWA POS RADAR MADIUN – Kaanane gending (gendhing) pangiring ing upacara tradisi pernikahan Jawa adat Solo penting.
Jalaran iki wis nyawiji ing prosesi utawa ritual sing ora lumrah menawa diganti karo gendhing utawa jinis musik liyane.
Uga ana urut-urutane, saengga ora waton dionekake. Iki katerangan saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan.
Gendhing pangiring ing upacara tradisi nikahan Jawa nggambarake donga, mbangun swasana gumbira, kidmat, lan trenyuh.
Iki urutane gendhing-gendhing pangiring ing upacara tradisi nikahan Jawa adat Solo utawa gaya Surakarta.
- Pambuka
Gendhing ing acara pambuka iki Lancaran Kebo Giro sing banjur diterusake Ladrang Wilujeng.
Gendhing-gendhing iki duwe makna semangat lan donga supaya upacara nikahan bisa kaleksanan kanthi lancar.
- Panggih
Ing prosesi panggih panganten iki gendhinge Ketawang Puspawarna sing duwe makna amanah, jujur, lan ora kemaki.
Uga duwe makna, yen ing panggih panganten iki ketemu pasangan sing duweni watak-watak kaya mengkono kuwi.
- Sungkeman
Prosesi sungkeman kairingi gendhing Ketawang Ibu Pertiwi. Miturut cakepan utawa lirike, gendhing iki uga duwe makna jero.
Yakuwi, panganten kudu tansah ngabekti marang Gusti lan kaloro wong tuwane sing kagambar liwat prosesi sungkeman.
- Kirab
Gendhing Ketawang Langengito kanggo ngiringi prosesi kirab sing nggambarake watak iklas, sabar, lan setya.
Pangarep-arepe supaya watak iki bisa tuwuh ing panguripane panganten anggone bebrayan salawase.
- Boyongan
Ladrang Boyong kanggo ngiringi prosesi boyongan iki duwe makna manembah marang Gusti kanthi kidmat.
Sing dadi pangarep-arepe, prosesi boyongan iki bisa kaleksanan kanthi kidmat lan sakral.
- Resepsi
Ing resepsi iringane gendhing-gendhing manasuka, kaya lelagon, langgam, lancaran, lan Ladrang Ketawang.
Gendhing-gendhing manasuka biasane bisa miturut panjalukane para tamu kanggo ngregengake swasana resepsi.
- Panutup
Gendhing Ayak-ayak Umbul Donga minangka pangiring panutup sakabehane prosesi tradisi nikahan Jawa adat Solo.
Gendhing iki isine donga-donga supaya panganten dadi kulawarga sakinah, mawadah, warahmah. (mg2/nda)
Editor : Satmiko Supraptono