Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pemkot Madiun Bakal Nggelar Survei Cacahe Penduduk Miskin Meneh, Ora Percaya Datane BPS?

Satmiko Supraptono • Rabu, 25 September 2024 | 20:00 WIB
ILUSTRASI: Salah siji kampung padhet penduduk ing tlatah Kota Madiun. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)
ILUSTRASI: Salah siji kampung padhet penduduk ing tlatah Kota Madiun. (BAGAS BIMANTARA/RADAR MADIUN)

KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Badan Pusat Statistik (BPS) nyathet 4,38 persen penduduk Kota Madiun miskin.

Persentase kuwi cacahe pada karo 7.820 jiwa saka total penduduk Kota Pendekar, julukane Kota Madiun.

Nanging, Badan Perencanaan, Penelitian, dan Pengembangan Daerah (Bapelitbangda) Kota Madiun ora yakin.

Jalaran ana potensi angka kemiskinan saka BPS kuwi wis owah. Mula angka kemiskinan iki bakal di-update meneh.

Kanggo kaperluan iki, Bapelitbangda Kota Madiun bakal ngerahake 150–200 surveyor ing lapangan wiwit sasi ngarep.

Miturut Kepala Bapelitbangda Kota Madiun Suwarno, para surveyor iki bakal golek informasi kanthi amba lan detail.

Para srveyor iki saka mahasiswa program kerja sama antarane BPS lan forum rektor perguruan tinggi.

‘’Data sing perlu dijerokake bab pengeluaran masyarakat sabendinane,’’ kandhane wingi (23/9).

Update data, sambunge, bakal dipotret saendah werna asline. Dheweke yakin, riil kurang saka 4,38 persen.

Alesane, ana masyarakat sing ora jujur jalaran ngarep-arep supaya panggah entuk bantuan sosial (bansos).

Miturut parameter BPS kategori penduduk miskin yen blanjane saben wulan Rp 625.000 per kapita.

Kamangka yen disurvei apa anane durung mesthi klebu kategori miskin lan ora ngaruh ing bansose.

Suwarno nambahi, update iki mung kanggo maksimalake kaakuratan cacahe penduduk miskin Kota Madiun.

Seengga, ora ana sesambungane karo bansos apa wae. Jalaran wis diintervensi pemkot kabeh.

‘’Data 2023 isih ana (kemiskinan ekstrem, Red) akire taun iki kita data wis rampung lan nol,’’ Suwarno mungkasi katerangane. (ggi/err/her)

Editor : Satmiko Supraptono
#badan pusat statistik #BPS #forum rektor #Bapelitbangda #miskin #kota #penduduk #madiun #survei