MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Sabagean tlatah Kabupaten Magetan ngalami krisis air bersih ing mangsa ketiga iki.
Pirang-pirang sumur warga garing sring ora metu banyune. Salah sijine, ing rong RT Desa Kuwon, Kecamatan Karas.
Totale ana 40 kepala keluarga (KK) utawa 100-an jiwa sing kena dampak puncake mangsa ketiga taun iki.
Miturut Suwati, salah siji warga kene, kaanan kangelan bsanyu iki wis kadaden wiwit rong minggu kepungkur.
Saben dina, para warga golek lan njaluk petani sing ngurupake sumur pompa sibel kanggo mbanyoni (irigasi) sawah.
‘’Ora ana pilihan liyane sanajan banyune rada reget,’’ kandhane wong wadon umur 55 taun iki minggu kepungkur (15/9).
Banyu sing entuk njaluk saka petani kuwi, sambunge, mung kanggo kabutuhan mandi cuci kakus (MCK).
Sawetara kanggo kabutuhan konsumsi (ngombe lan masak) kudu tuku banyu neng toko utawa njaluk tangga sing isih duwe.
Banyu saka irigasi sawah ora mesthi ana saben dina. Gumantung petani sing duwe sumur pompa sibel ngurupake apa ora.
Yen ora ana petani sing ngurupake sumur sibel wis mesthi ora entuk banyu kanggon nyukupi kabutuhan MCK.
Surati, warga liyane kapeksa njerokake sumur. Jalarane saben dina kudu tuku banyu kanggo maneka kabutuhane.
Miturut dheweke kepeksa metu ragat kanggo njerokake sumur jalaran bantuan sing diarep-arep ora ndang teka.
Surati kepeksa njerokake sumure nganti telung meter. Sing sadurunge 14 meter dadi 17 meter jerone.
Saliyane kudu ragat kanggo njerokake sumur, warga uga kudu antri golek tukang sumur merga akeh sing mbutuhake.
‘’Saben dina ngongkon anak ngangsu banyu neng sumber kanggo ngisi tandon banyu loro,’’ jarene Surati. (ril/naz)
Editor : Satmiko Supraptono