MAGETAN, Jawa Pos Radar Madiun – Udan deres sing nggrujug tlatah Kabupaten Magetan pirang-pirang dina iki patut diwaspadani.
Miturut Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika (BMKG), kuwi dudu tandha-tandha mlebu mangsa rendheng (penghujan).
Kepala Kelompok Operasi (Kapoksi) Stasiun Geofisika III BMKG Nganjuk Tekad Sumardi ngonfirmasi bab iki.
Miturut dheweke, wektu iki mlebu mangsa pancaroba. ‘’Ananae udan jalaran gangguan atmosfer pola konvergensi,’’ kandhane wingi (29/9).
Gangguan atmosfer pola konvergensi iki, sambunge, nyababake tuwuhe mendhung konvektif kanthi sporadis.
Saengga ndadekae kalembaban udara sing dhuwur saka atmosfer lapisan ngisor nganti tekan lapisan ndhuwur.
Saengga nyababake akeh suplai uap air neng atmosfer kanggo mbentuk mendhung utawa awan hujan.
Udan ing mangsa alihan (pancaroba) iki dikira-kira bakal kadaden nganti mangsa rendheng November mengko.
Nanging ora saben dina. Kira-kira 2-3 dina udan, mandheg banjur udan meneh 2-3 dina, nganti mlebu mangsa penghujan.
Miturut Tekad, mangsa pancaroba iki ndadekake cuaca ora bisa dipesthekake. Sanajan panas nanging bisa ujug-ujug udan.
Udan ing mangsa alihan iki uga perlu diwaspadani jalaran bisa nggawa bencana angin gedhe lan puting beliung.
Mula pihake meling marang masyarakat supaya luwih ait-ati karo cuaca ekstrem wektu iki sing bisa gonta-ganti.
Yen lagi udan lan ana angin gedhe, dijaluk supaya ora ngiyup ing sangisore wit gedhe utawa baliho sing rawan ambruk.
Sawetara Kasi Pencegahan dan Kesiapsiagaan Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Magetan Suparman uga duwe cathetan.
Miturut cathetane, pirang-pirang tlatah ing Kabupaten Magetan pancen rawan bencana angin gedhe utawa puting beliung.
Ing antarane, sabagean tlatah Kecamatan Panekan, Sukomoro, Karas, Bendo, Takeran lan Nguntoronadi.
Malah minggu wingi wis kadaden ing Kecamatan Karangrejo sing nyababake puluhan omah rusak lan wit ambruk.
‘’Masyarakat kudu siap siaga lan ngantisipasi dini kanthi tansah mantau prakiraan cuaca,’’ Suparman mungkasi katerangane. (ril/sat)
Editor : Satmiko Supraptono